ANALISIS GEGURITAN “GUSTI MAHA
SAE”, “ATI KANG PETENG”, LAN “MUMPUNG ISIH KEPARENG URIP”
dening
1.
Meida Riski Pujiyati (XI IPA 3/25)
2.
Reyna Nadhya Ulhaq (XI IPA 3/31)
A.
PURWAKA
Geguritan
menika sastra ingkang kedah dipun kita mangertosi, amargi geguritan menika
salah satunggaling sastra Jawi ingkang dipunwarisaken dhateng kita sedaya.
Punapa malih kita menika asli tiyang Jawi ingkang kedah nglestarekaken budaya
Jawi supados boten katelen jaman. Mula menika geguritan kedah diunsinaoni
kanthi kita mangertos punapa ingkang dipunmaksud geguritan, punapa saenipun
geguritan, punapa kanggenipun geguritan, lan perkawis sanesipun.
Ing
jaman modern menika, kathah tiyang ingkang nggadahi kesadaran kaliyan boten kesupen dumateng Gusti Allah SWT
ananging taksih kathah ugi tiyang ingkang sampun nglunturaken perkawis-perkawis
keagamaan satemah kathah tiyang ingkang tumindak ingkang boten sekeca jalaran
kirang mangertosi perkawis-perkawis keagamaan ingkang kedahipun dipunginakaken minangka dhasar
tumindakipun manungsa ingkang gesang ing donya.
Geguritan
menika kasusastran ingkang saged narik kawigatosanipun tiyang ingkang maos,
perkawis kasebat njalari saperangan tiyang ndamel puisi ingkang nggadhahi ancas
supados tiyang sanes mangartosi kawontenan batinipun, jalaran basa ingkang
dipun ginakaken cekak kaliyan endah satemah surasanipun geguritan saged gampil
dipun tampi dhateng pamaos.
Saperangan
tiyang nggambaraken pangraosan ngagem geguritan, ananging geguritan ingkang temanipun keagamaan
langkung sekedik cacahipun satemah boten gampil dipunpanggihi. Samenika asring
kita panggihi geguritan ingkang nggadahi amanat ingkang boten jelas kaliyan
boten migunani, ananging geguritan ingkang temanipun kegagamaan menika
nggadhahi pitutur ingkang kathah paedahipun bilih paedah kangge gesang ing
donya kaliyan paedah kagem ing akhirat.
Ing
geguritan menika kita kedah dipuntutut kangge nyinaoni punapa paedahipun maos
lan mangertosi geguritan ingkang temanipun keagamaan. Boten namung paedah
kemawon, nanging kita kedah madosi kados pundi cara mangertosi
perkawis-perkawis keagamaan kanthi boten mbosenaken.
Ancasipun
analisis geguritan ingkang nggadhahi tema keagamaan kasebat inggih menika
supados kita saged nambahi pangertosan keagamaan kanthi cara ingkang boten
mbosenaken kanthi nggabungaken kalih perkawis ingkang wigatos inggih menika
kasusastran kaliyan keagamaan, supados kita saged nguri-uri budhaya Jawi,
lajeng ingkang langkung wigatos inggih menika supados kita saged nambah
pangertosan perkawis-perkawis keagamaan kaliyan ndadosaken dhasar anggenipun
kita gesang ing donya ingkang fana’ menika. Analisis geguritan menika ugi wujud
pangrahajan kita dhateng Gusti Allah kaliyan dhateng seniman-seniman geguritan.
Sasanesipun, analisis geguritan kasebat dipundamel kangge nyinaoni cara
mangertosi perkawis keagamaan kanthi sae. Boten namung sae, ananging boten
mbosenaken amargi bab keagamaan ingkang kita cariosaken wonten mriki
dipunandharaken ngagem geguritan.
Saking
geguritan ingkang badhe dipunanalisis, kita saged nambah pangertosan babagan keagamaan
ibgkang dipun prelukakaen sedaya umat beragama
lan babagan budhaya
Jawi
ingkang kedah dipunlestarekaken lan ingkanh kedah kita sinaoni. Kita saged pikantuk piwulang-piwulangan ingkang wigatos,
sae lan migunani tumrap panerapanipun ing gesang ingkang nyata. Sejatosipun,
analisis geguritan menika dipunandharaken supados dados referensi lan
panduanipun tiyang kathah. Lan ingkang boten kesupen paedahipun analisis
geguritan menika kagem pangembangan individu
ing kerja sama kelompok.
B.
KAJIAN
TEORI
1.
Geguritan
Ingkang
sampun dipunandharaken saderengipun menika, geguritan kedah dipunsinaoni lan
dipunlestarekaken amargi gegutan menika budhaya Jawi ingkan nggadhahi khas
piyambak. Saking kahanan kasebat, wonten babagan-babagan ingkang kedah kita
mangertosi kagem dhasaripun analisis geguritan. Kita saged nyinaoni
pangertosanipun geguritan, struktur geguritan lan sasanesipun ingkang nggadhahi
sesambungan kaliyan geguritan.
-
Pangertosanipun
Geguritan
a.
Prosa inggih menika kasusastran ingkang
wujudipun paragraf, tuladhanipun
cerkak, cerbung, crita rakyat, dongeng, fabel, legenda.
b.
Drama
inggih menika kasusastran ingkang wujudipun dialog.
c.
Puisi inggih menika kasusastran ingkang wujudipun bait
ingkang saben bait ingkang ngamot ukara endah ingkang berbaris-baris. Puisi ing
budhaya Jawi wonten kalih, inggih menika tembang lan geguritan.
Geguritan inggih menika sastra kuna ingkang
nggadhahi ciri sastra dangu utawi klasik ingkang asipat anonim, inggih punika
tanpa nama ingkang garang lan panyerat. Perkawis kasebat, amargi ing zamanipun
dipundamel panyerat ingkang boten purun nonjolaken diri lan karyanipun
dipunanggep gadhah sesarengan.
Tembung geguritan ing kamus Baoesastra, saking
tembung “gurit” tegesipun seratan,
kidung. Geguritan ateges tembang (uran-uran) mung awujud purwakanthi
(Baoesastra Jawa, 1939: 157). Ing Kamus Umum Indonesia dipunandharaken
geguritan menika asalipun saking tembung gurit tegesipun sajak utawi syair
(Poerwadarminta, 1986: 161). Sasanesipun ing Kamus Kawi Indonesia
dipunandharaken “gurit tegesipun goresan,
diserataken”.
Pangertosan geguritan inggih menika ciptaan sastra awujud syair ingkang dipunginakaken kaliyan
tembang (pupuh) ingkang merdu sanget. Pergeseran kegunaan istilah geguritan ingkang ngrembaka ing zaman samenika
langkung asipat bebas, nggadhahi tipografi ingkang bebas. Ngginaaken basa Jawi
ingkang ngrembaka ing masyarakat samenika, boten kaiket aturan purwakanthi, lan
boten asipat anonim. Kamangka menika, pengertian geguritan langkung kados
penegertian puisi ingkang mbedakaken inggih menika basa ingkang dipunagem kangge
basa Jawi.
Geguritan menika
golonganipun sastra edi (puisi) cengkok anyar, wedharing raos edi, kelair basa
ingkang laras runtut kaliyan edining raos, ananging boten usah kecancang ing
patokan-patokan, wilangan dhong-dhing ingkang tetep tinamtu, benten sanget
kaliyan sipating tembang macapat lan sapanunggalanipun.
“Geguritan
yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag
anyar.” (Subalidinata, 1968)
Adedhasar
pengertianing nginggil menika, geguritan inggih menika
susunan basa kados syair ingkang
kalebet golongan puisi Jawi anyar isinipun pengungkapan
raosipun penyair ingkang indah inggih menika kaendahan obyektif lan pengaaman estetik ugi boten kaiket
aturan tartamtu.
-
Jinisipun
Puisi Jawi
a. Puisi
Jawi Tradhisional, ingkang umumipun awujud tembang
Puisi dipuntembangakenmiturut lagu-lagu khusus, ngagem piranti gamelan
utawi tanpa gamelan. Puisi Jawi tradhisional boten saged dipunpisahaken kalawan
tembang, wonten tiga perangan ageng :
1) Puisi
tembang macapat (puisi tembang cilik), inggih menika Kinanthi, Pocung,
Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
2) Puisi
tembang tengahan (tembang dhagelan), inggih menika Megatruh, Gambuh,
Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
3) Puisi
tembang gedhe/ageng (kawi), inggih menika Girisa.
b. Puisi
Jawi modern dipunarani geguritan
Geguritan boten kaiket paugeran menika :
cacahipun gatra kedah 4 satunggal bait,
kauger guru lagu, guru swara,guru wilangan,
lan kawiwitan ukara ”Sun
anggegurit”. Geguritan
menika kedah nggadhahi ukara ingkang cekak,
menthes, endah, kaliyan ngagem tembung-tembung pilihan.
2.
Struktur
Lahir Geguritan
Ingkang
dipunsebataken struktur lahir geguritan menika kahanan bab punapa kemawon
ingkang saged ditingali utawi dipunpadosi wonten ing tembung-tembung ingkang
rinakit ing salebetipun geguritan.
a.
Pimilihing
Tembung (Diksi)
Tembung-tembung ingkang
ing ssalebetipun geguritan nggadhahi teges konotatif, asipat polisemi, lan
nggadhahi teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang trep saged
ngasilaken imajinasi ingkang manila.
b.
Majas
Majas utawi gaya bahasa dipunarani lelewaning basa. Majas utawi lelewaning
basa menika kangge nambahi grengsengipun geguritan supados langkung endah.
c.
Rima
(Sajak)
Rima utawi persamaan bunyi kangge nyiptakaken
kaendahan lan kakuatan sawijining geguritan.
d.
Tipografi
Cara panyeratan puisi
satemah saged nampilaken wujud-wujud tartamru ingkang saged dipunamati ngagem
visual. Tipografi ngagem nampilaken aspek
artistik, nyiptakaken nuansa makna lan suasana tartamtu, ngandharaken
wontenipun makna tartamtu ingkang badhe dipunandharaken panyerat. Larik-larik
utawi gatraning geguritan ingkang kaserat mawa pada utawi bait. Bab menika
ingkang mbentenaken antawisipun geguritan lan gancaran.
(Fajarwati, 2013: 30)
3.
Struktur
Batin Geguritan
Unsur-unsur
ingkang kinandhut ing salebetipun geguritan dipunarani unsur batin.
a.
Tema
Punjeraning bab ingkang
ndadosaken geguritan menika dumados. Utawi gagasan pokok ingkag dipunkarepaken
panyerat/penyair. Tuladha : sosial, moral, politik, agama, individu, lan
sasanesipun.
b.
Raos-pangraos
Gadhah sipat rowa lan
kompleks. Ingkang kalebet raos-pangraos kadosta simpati, empati, susah, seneng,
kangen, gumun, antipati sedhih, lan sasanesipun.
c.
Nada/Lagu
Patrap ingkang diginakaken
wonten salebetipun geguritan supados geguritan langkung endah anggenipun
dipunwaos. Tuladha : ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawi patrap
sanesipun.
d.
Suasana
Kahananipun batin/jiwa
pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan nggadhahi ancas kangge
mbangun suasana batin pamaos geguritan.
e.
Amanat
Bab ingkang
dipunwedharaken penyair/panyerat kagem pamaos. Amanat biasanipun pesan moral ingakang badhe
dipunandaraken supados pamaos purun nindakaken punapa ingkang panyerat
purunaken. Amanat boten kasrat kanthi terang kawaos, ananging sinandhi wonten
pangkrating tembung-tembung.
C.
STRUKTUR
GEGURITAN TEMANIPUN KEAGAMAAN
Struktur
geguritan inggih menika susunan ingkang ningalaken tata hubungan antawisipun unsur ingkang mbentuk karya sastra utawi
rangkaian unsur ingkang kasusun terpadu.
Kados
ingkang sampun diandharaken wonten kajian teori ing nginggil srtruktur
geguritan wonten kalih, inggih menika struktur lahir (ingkang sampun saged
katingal langsung saking wujudipun geguritan) lan struktur batin (ingkang boten
saged diingali ananging saged dipunraosaken). Struktur geguritan inggih menika
perkawis ingkang penting kita mangertosi. Amargi, kangge mangertosi isi lan
maksud geguritan ingkang kita maos saged dipuntingali wonten struktur
geguritan.
1.
Gusti
Maha Sae
Ing
geguritan “Gusti Maha Sae” karya Luwi Subagya menika nyariosaken saenipun Gusti
Allah ingkang maringi kanugrahan kangge manungsa.
Ing
ngriki dipunjlentrehaken gesangipun panyerat ingkang taksih dipunanugerahi
Gusti Allah. Senadyan gesangipun panyerat ngrekasa, panyerat ngandharaken
menawi taksih wonten manungsa ingkang gesangipun langkung ngrekaos. Saking
menika, penyerat ngajak kita kedah tansah sabar lan narima punapa kita ingkang
sampun dipunparingi Gusti Allah. Bilih kita ningali ingkang sangisoripin gesang
kita, taksih mayuta-yuta cacahipin. Mula, panyerat ngajak kita supados tansah
muji sokur dhateng Ingkang Kuwasa amargi kita taksih diparingi kanugrahan
ingkang maneka warna. Kita kedah mbucal raos rudatin utawi ngeluh, gesangipun
kedah purun prihatos kangge nggayuh katentreman lahir lan batin kita. Kita
kedah ngraosaken wonten dhasaring manah, menawi Gusti Allah mesthi nyekapi boga
lan kabetahan kita saen dinten senadyan kita asring supe dhateng Gusti.
Panyerat ngajak kita mumpung taksih omber wekdalipun, kita sesarengan sami
ngestokaken dhawuhipun Gusti miturut marginipun piyambak-piyambak amargi Gusti
Allah boten mbenten-mbentenaken. Gusti Allah tansah paring kaliyan umatipun
kanthi adil.
a.
Struktur
Lahir Geguritan “Gusti Maha Sae”
Pimilihing
tembung ing geguritan kasebat wonten ingkang nggadhahi makna konotatif,
denotatif lan ugi wonten ingkang nggadhahi makna afektif.
Tembung
ingkang nggadhahi makna denotatif utawi makna ingkang saleresipun :
“Ayo
padha ngestokake dhawuhe”
Tembung
ingkang nggadhahi makna konotatif utawi makna ingkang boten saleresipun :
“Buwabgen
rasa rudatin”
Rudatin ing ngriki
tegesipun raos ngeluh lan boten sokur.
“Kanggo
nggayuh katentreman lahir batin” tegesipun madosi.
“...Dalem
tanpa sarenti” tegesipun mandeg.
Tembung
ingkang nggadhahi makna afektif utawi makana saking reaksinipun pamaos :
“Pinaringan
kanugrahan maneka warna”
“Gusti
ora bakal mbedak-mbedakake”
Ing ngriki pamaos
mesthi maknakaken Gusti Allah tansah sae sanget.
Majas
ingkang dipunginakaken ing geguritan kasbat inggih menika totum pro parte lan
antitesis. Wonten majas sasanesipun, ananging kaih majas wau menika langkung
dominan.
Majas
totum pro parte inggih menika ungkapan
seayanipun objek nanging ingkang kamaksuf namung saperangan.
“Delengen para kadang kang nandhang cantrika
Cacahe isih mayuta-yuta”
Mayuta-yuta
menika namung ningali saperangan ingkang ditingalikemawon, ananging dipun
sebataken kanthi kathah.
Majas antitesis inggih menika ungkapan ngagem tembung-tembung
ingkang berlawanan teges satunggal
kaliyan sanesipun utawi antonim..
“Buwangen
rasa rudatin
Urip kudu prihatin”
Rima ingkang dipunginakaken ing geguritan kasebat menika rima
akhir terus [a-a-a-a] ingkang wonten ing saben bait.
“Nadhyan
uripku ngrekasa
Nanging
isih akeh sing luwih ngrekasa
Mula
aku kudu tansah sabar lan narima
Delengen
para kadang kang nandhang papa cintraka
Cacahe
isih mayuta yuta
Mula
aku tansah muji sokur marang Kang Kuasa
Pinaringan
kanugrahan maneka warna”
Tipografi
ingkanng wonten ing geguritan kasebat tansah biasa. Ngangge bait-bait ingkang
gatranipun bervariasi lan
panyeratanipun boten ngagem bait ingkan seragam. Ananging, sakung penyajian saking ukara ingkan boten panjang
langkung ningalaken tipografi ingkang ringkes.
b.
Struktur
Batin Geguritan “Gusti Maha Sae”
Temanipun
geguritan kasebat inggih menika raos sokur. Raos sokur menika dipunandharaken
ngagem memuji Gusti Alah ingkang nggadhahi keagungan sae sanget.
“Mula
aku tansah muji sokur marang Kang Kuwasa”
Ing gguritan kasebat
ngandharaken kasaenan Gusti dhateng manungsa, mula manungsa kedah muji sukur
dhateng Gusti Allah ingkang sampun paring.
Raos-pangraos
ing geguritan kasebat inggih menika gumun, simpati, kagum, trenyuh, lan haru. Gumun
lan kagum menika kagem Gusti Allah ingkang tansah pinaringan. Simpati kagem
panyerat ingkang tetep muji sokur lan narima takdir gesangipun ingkang
ngrekasa. Trenyuh kagem manungsa-manungsa ingkang langkung ngrekasa. Lan haru
kagem panyerat ingkang ngajak prihatin lan Gusti Kang Kuwasa.
Nadanipun
utawi lagunipun geguritan wau inggih menika muji, nuturi, ngguroni, lan
ngemotaken. Muji menika dhateng Gusti Allah. Nuturi, ngguroni lan ngilingaken
pamaos supados tansah eling lan muji sokur dhateng Gusti Allah sarta narima
pinaringanipun Gusti.
Suasanabipun
nggregeti manah, religius, lan islamiah. Nggreti manah menika ing geguritan
nuntun kita supados eling kaliyan Gusti Allah Kang Kuwasa. Religius lan
islamiah menika amargi temanipun keagamaan.
Amanat
ingkang saged kita pundhut ing geguritan “Gusti Maha Sae” menika kathah sanget.
Antawisipun nggadhahi amanat inggih menika kita kedah tansah eling dhateng
Gusti Allah. Boten namug eling, kita kedah tansah muji sokur dhateng Gusti
Allah ingkang pinaringan, kedah narima pinaringanipun Gusti Allah ingkang
punapa kemawon supados kita tansah muji sokur dhateng Gusti. kedah ngestokaken
dhawuhe Gusti Allah miturut marginipun piyambak-piyambak. Sasanesipun wonten
amanat malih inggih menika menawi gesangipun kita kedah prihatin boten rudatin
supados kita gadhah katentreman lahir batin lan kita ningali kemawon ingkang
nasibipun wonten ing sangandapipun gesang kita supados kita tansah sokur.
2.
Ati
Kang Peteng
Ing
geguritan “Ati Kang Peteng” karya Mulia Mulyadi menika nyariosaken
ketabahasipun lan ketaanipun Bapak lan anak inggih menika Nabi Ibrahim lan Nabi
Ismail ingkang dipunbentenaken kaliyan qurban ing Idul Adzha jaman samenika.
Lan nyariosaken akhlak ingkang tercelautawi akhlak ingkang boten mulia.
Nabi Ibrahim nggadahi sifat ingkang taat menawi Nabi Ismail nggadahi sifat ingkang tabah dhateng Gusti Allah. Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail nindakaken dhawuhipun Allah kanthi ikhlas senadyan dhawuhipun Allah menika boten gampil dipun tindakaken. Tuladhanipun ing jaman sejarah gesangipun manungsa,
kaikhlasan bapak lan anak menika
Nabi Ibrahim kaliyan Nabi ismail ingkang nindakaken dhawuh ingkang suci inggih
menika supados Nabi Ibrahim nyembelih putranipun Nabi Ismail, Nabi Ibrahim kanthi iklas nindakaken dhawuh kasebat,
jalaran manahipun nabi Ibrahim kaliyan Nabi Ismail menika narima lan tawakal dhumateng Aallah Rabbul’aalamiin.
Ing jaman menika, sampun kathah putra ingkang wantun
dumatheng tiyang sepuhipun, ugi boten sekedik tiyang sepuh ingkang duraka dhumateng putranipun. Manahipun
sampun ketutup lan boten saged nampi
kaimanan. Manungsa ing jaman menika boten saged mbedakaken antawisipun Qur’an kaliyan koran boten mangertosi kaluwihan lan
kamulyanan Qur’an, lan boten saged mbedakaken ibadat kaliyan
adat. Nalika
wekdal Idul Adzha sampun caket, tiyang ingkang sugih bandhanipun nggadahi sifat ingkang
pelit boten purun qurban nanging langkung remen nampi daging qurban sanajan
depositipun ageng nggadhahi kathah arta. Manah ingkang peteng susah anggenipun nindakaken
dhawuhipun Allah amargi rohaninipun kotor tebih saking amal saleh.
Sanadyan kagungan harta ingkang kathah ananging boten purun
dipunajab qurban, mbantu duafa lan lare-lare yatim ingkang prelu dana kaliyan katresnan
saking sedherek-sedherek ingkang kebandhan.
a.
Struktur
Lahir Geguritan “Ati Kang Peteng”
Pimilihing tembung ing geguritan kasebat nggadhahi
makna konotatif utawi makna ingkang boten saleresipun.
“Ora
ana sing ngerti depositone lemu
Dompete
padhet”
Ingkang dimaksud kasebat inggih
menika gadhah kathah rejeki.
“Jalma
kang diselimuti penyakit cethil”
Tegesipun tiyang ingkang sampun
susah manahipun, manahipun nggadhahi penyakit ingkang boten sae. Sampun dados
balanipun setan.
Majas ingkang
dipunginakaken ing geguritan kasebat ngagem majas alegori lan sarkasme. Majas alegori inggih menika majas ingkang dipunandharaken
ngagem cara sanes kaliyan kiasan utawi penggambaran.
“Ora
ana sing ngerti depositone lemu
Dompete
padhet”
Ingkang dipungasis ngandap menika
kiasan ingkang ngganteaken rejeki ingkang kathah.
Menawi majas sarkasme inggih menika majas ingkang nyindir langsung.
“Sing sugih bandha sanalika pelit”
“Nanging yen ana dum-duman daging ora nolak, senenge ora
jamak”
Ing perangan
geguritan ksebat panyerat nyindir langsung dhateng tiyang ingkang panyerat
boten remeni amargi sipatipun ingkang boten sae.
Rima
ingkang dipunginakaken ing geguritan kasebat inggih menika rima aliterasi
ingkang ateges pengulangan swanten konsonan.
“Nabi Ibrahim taat
Nabi Ismail Tabah”
Tipografi ingkang diginaaken inggih menika
bait-baitipun ngemot ukara ingkang cekak-cekak. Dados antawisipun bait
satunggal kaliyan sasanesipun jelas paletanipun.
b. Unsur Batin
Geguritan “Ati Kang Peteng”
Temanipun geguritan menika akhlak ingkang
tercela. Saged dipuntingali saking irah-irahan kemawon sampun ketingal menawi
temanipun akhlak ingkang boten kapuji utawi akhlak tercela. Salah satunggaling
ingkag dipuncariosaken ing gegurian menika akhlak tercela kapelitan lan
kadurakan.
"Jaman saiki...
Akeh anak wani marang wongtuwa
Uga ora sitihk wong tuwa duraka”
Menika
ingkang nunjukaken kadurakaning anak dhateng tiyang sepuh ugi tiyang sepuh
dhateng anak.
“Sing sugih bandha sanalika pelit
Wegah qurban kanthi sewu alasan”
Menika ingkang
nunjukaken kapelitan manungsa ingkang sugih.
Raos-pangraosipun
geguritan menika kesel lan njengkelaken. Ngeseli manah kaliyan njengkelaken
manah amargi wonten mawon tiyang ingkang sugih taksih pelit, atine taksih
peteng, boten purun mbiyantu tiyang sanes. Boten pedhulinan, nanging
serakahipun boten jamak.
Lagunipun
utawi anadanipun geguritan menika ngenyek. Pengarang ngenyek lan nyindir tiyang
ingkang nggadhahi sikap ingkang katolak buri kaliyan Nabi Ibrahim lan Nabi
Ismail. Ngenyek kasebat ancasipun supados ingkang maos saged mangertosi
kaelekanipun manah lan ingkang maos saged kaendar saking sifat kasebat.
Suasana
ingkang katut wontenipun manah saking geguritan menika mangkel lan manahipun
mendhung. Panyerat sampun katingal sanget menawi asalipun nyerat sampun mangkel
sanget kalian kahanan kasebat. Punapa malih pamaos, emosinipun mesthi langkung
mangkel kaliyan tiyang ingkang nggadhahi sifat ingkang kaserat menika.
Amanat
ing geguritan “Ati Kang Peteng” ugi kathah sanget. Punapa malih geguritan
menika ngandharaken bab ingkan ala-ala. Amanatipun inggih menika dadosa tiyang
ingkang nggadhahi sifat terpuji kados Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, kita kedah
pedhuli kaliyan tiyang sanes amargi gesang menika mesthi saling mbetahaken
antawisipun tiyang satunggal kaliyan sanes. Kita boten pareng pelit-pelit
menawi rejekinipun kita langsung cekap, sampun dados anak ingkang wantun
kaliyan tiyang sepuh amargi menawikita duraka badhe wonten ganjaraipun. Kita sampun
ngantos dados tiyang sepuh ingkang duraka, lan kita kedah ikhlas nindakaken
dhawuhipun Gusti Allah saabot-abotipun kados nyembelih utawi qurban.
3.
Mumpung
Isih Kepareng Urip
Ing
geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip” karya R. Bambang Nursinggih, S, Sn
menika nyariosaken kewajiban manungsa ingkang kedah ngabekti dhateng gusti
mumpung taksih dipunparingi gesang.
Kita
dipunajak ampun tebih saking dhawuhipun agami amargi gesang boten namung ing
donya nanging badhe tumekeng ing alam swarga. Panyerat ngajak supados kita
ngabekti dhateng Gusti Allah mumpung taksih diparingi gesang. Kita kedah tansah
eling pinten gesang kita ing donya menika. Lumantar agami pinilih kanthi
anteping manah kita, pinaringan gesang sampun dipuntemtoaken bilahi. Bilih kita
tansah ngabekti dhateng Gusti, kita boten bakal rugi wonten wingking, amal
bektinipun kita mesthi katrima dhateng Gusti Allah. Penyerat ngajak supados
kita boten selak dhateng kuwasanipun Gusti. Bilih kita gadhah pangkat utawi
wibawa, kita sampun ngantos lali dhateng ingkang maringi kabegjan inggih menika
Gusti Allah. Mumpung pintu tobat taksih kabikak, gege kita sesarengan nyuwun
pangapunten kanthi ikhlas ingkang tumus saking manah murih sisanipun gesang
saged migunani.
a.
Struktur
Lahir Geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip”
Pimilihing
tembung ing geguritan kasebat nggadhahi makna konotatif utawi makna ingkang
boten saleresipun.
“Daropun
urip mukti”
Tegesipun menawi gesang
mukti utawi mulya.
“Minangka
pandoming urip murih kalis ing bilahi”
“Mumpung
lawang tobat isih ngablak-ablak menga amba”
Tegesipun mumpung pintu
tobat taksih wonten.
Ing
bait-bait wiwitan, kathahipun ngagem tembung denotatif utawi tembung ingkang
nggadhahi makna saleresipun.
Majas
ingkang dipunginakaken inggih menika enumerasio lan perifrasa. Wonten majas
sanes, nanging boten dominan ketingal. Majas enumerasio
inggih menika ungkapan penegasan arupi panjlentrehan perangan demi perangan
kasedayaan.
“Aja
mingkur marang dhawuhe agama
Darapon
urip mukti
Ra
mung aneng donya
Tumekeng
alam swarga
Mumpung
sih kepareng urip
Aglis
gumegrah
Ngabektia
mring Gusti”
Gatra ingkang terakhir
menika ukara utama ingkang badhe dipunandharaken, nanging wonten penegasanipun
utawi panjelasanipun ing ukara-ukara saderengipun ngagem ngongangaken ukara
ingkang akhirsupados ukara menika saged ngeyakinaken panyerat kagem pamaos.
Menawi
majas erifrasainggih menika ungkapan ingkang
panjang ingkang dados pengganti ungkapan
inkang langkung cekak.
“Barebg muki wibawa lali marang kang paring beja”
Ingkang dipungaris
ngandap menika tegesipun Gusti. Tiga tenbung memot satunggal tembung.
Rima ingkang diginakaken ing geguritan kasebat menika rima
akhir terus [a-a-a-a] ing bait kaping kalih lan tiga. Rima kaasebat langkung
nambah endahing geguritan ingkang dipunserat.
“Eling
den eling pira wene urip aneng donya iki
Mumpung
isih kepareng urip aja lirwa ngabekti mring Gusti
Lumantar
agami kang yekti pinilih kanthi anteping ati
Minangka
pandoming urip murih kalis ing bilahi
Ora
rugi ing tembe buri, ketrima amal bektine mring illahi Rabi”
Geguritan
menika ugi ngginakaken rima akhir patahan [a-b-a-a] ing bait kaping pisan.
“Aja
mingkur marang dhawuhe agama
Darapon
urip mukti
Ra
mung aneng donya
Tumekeng
alam swarga”
Tipografi
ing geguritan kasebat inggih menika gatranipun ing bait kaping pisan ngangge
ukara ingkang cekak, benten kaliyan wonten ing bait kaping kalih lan tiga
ngangge ukara ingkang panjang saben gatranipun.
b.
Struktur
Batin Geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip”
Temanipun
geguritan kasebat inggih menika tobat. Tobat ingkang dipunandharaken panyerat
supados para pamaos saged ningali dhiri piyambak-piyambak menawi dosa punapa
ingkang dipuntindakaken. “Mumpung lawang tobat
isih ngablak-ablak menga amba”
Ing geguritan kasebat
ngandharaken supados kita gege tobat mumpung taksih wonten pinaringan gesang
ing donya.
Raos-pangraosipun
geguritan enika adhem manahipun lan ajrih. Adhem manahipun sawekdal kita saged
nyumerepi maksud menawi kita kedah tobat lan kasempatan tobat taksih wonten
amargi taksih pinaringan gesang. Ajrih amargi kita sasampunipun maos geguritan
menika kita mikiraken dosa-dosa kita.
Nadanipun
inggih menika ngguroni, ngajari, lan nuturi. Panyerat ngaturaken pesen ingkang
cetha supados pamaos gege badhe sami mertobat saderengipun pinaringan gesang
telas kangge sangu ing akhirat utawi swarga.
Suasananipun
religius, nggregeti manah lan keajrihan. Nggregeti manah lan ajrih amargi kita
saweg berhadaban kaliyan gesang donya
lan akhirat. Wontenipun amal kita ingkang katampi utawi dosa kita ingkang
kathah. Religius wonten ngriki kekenthelanipun agami.
Amanat
ingkang saged kapundhut inggih menika kita kedah tansah ngamal saleh kangge sangu
kita ing donya lan akhirat. Kita kedah nindakaken tobat mumpung kita taksih
pinaringan gesang ing donya. Kita kedah nindakaken dhawuhipun agama supados
kita boten nindakaken ingkang ala-ala lan mesthinipun kita tumindak ingkang sae
kemawon supados migunani sinten kemawon. Kita kedah tansah ngabekti dhateng
Gusti Allah.
D.
PANGREMBAGAN
Geguritan
ingkang dipunanalisis menika nggadhahi khas tartamtu. Geguritan ingkang
temanipun keagamaan nggadhahi khas dominan ing struktur batin geguritan. Amargi
struktur batin geguritan langsung saged dipunmangertosi ing manah. Sasanesipun menika,
geguritan babagan agama gampil dipuntampi amargi nyangkut gesangipun manungsa
lan keyakinanipun umat Islam dhateng Allah SWT. Satemah struktur batin dados
kunci utama geguritan keagamaan.
Wonten
kesamaan antawisipun tiga geguritan ingkang sampun dianalisis. Kaping pisan
saking tema, kaping kalih saking isi lan amanatipun. Isinipun ngemot
pesen-pesen saking panyerat kangge pamaos tentang babagan agami. Ingkang
kesamaan paling dominan inggih menika kapanggenan wontenamanatipun saben
geguritan. Amanat ingkang tansah dipundharaken terus inggih menika supados kita
nindakaken dhawuhipun agama. Sasanesipun menika, kita kedah eling lan ngabekti
dhateng Gusti Allah Kang Kuwasa. Amargi Gusti Allah Maha Pinaringan boten tanpa
wates.
Kaendahan
geguritan ingkang dipunanalisis menika kapanggenan wonten pamilihan rima lan
gaya bahasa. Geguritan ingkang sae lan endah mesthi nggadhahi rima ingkang
runtut, bilih rima akhir, tengahan punapa awitan. Rima konsonan dhawahipun
swanten pengaruh sanget kaliyan kaendahan saben bait geguritan. Gaya bahasa
ingkang kapenak lan gapil dimangertosi maknanipun ugi ngaruh endahing
geguritan.
E.
PANUTUP
Geguritan
inggih menika sastra Jawi bebas ingkang boten kaiket aturan aturan tartamtu.
Ananging geguritan nggadhahi khas piyambak. Saking sisi bahasanipun geguritan
nggadhahi khas ingkang mbentenaken kaliyan puisi sanesipun
Geguritan
ingkang temanipun agama menikan saged ngandharaken perkawis-perkawis babagan
agama kanthi ngangge cara ingkang benten, ngagem puisi menika perkawis
dipunjlentrehaken kanthi terperinci ngagem
basa-basa ingkang endah. Mula menika, geguritan saged ngandharaken perkawis
agama kanthi boten mbosenaken.
Agama
boten saged dipunpisahaken kaliyan gesangipun manungsa. Amargi agama dados
dhasar tumindakipun manungsa. Mula kita kedah nindakaken dhawuhipun agama kanthi
ikhlas. Kita boten bakal rugi menawi kita tansah nindakaken amal kabecikan,
kahanan kasebat kangge sangu kita gesang ing akhirat. Ingkang paling utama,
kita kedah tansah eling dhateng Gusti Allah.
F.
KAPUSTAKAN
Fajarwati, Kurniasih.
2013. Fokus Basa Jawa unruk SMA/MA Kelas
XI Semester 1. Sukoharjo: Sindunata.
Poerwadarminta,
W.J.S. 1939. Baoesastra Jawa. Yogyakarta:
Panji Pustaka.
Subalidinata, R.S.
1968. Sarining kasustran Jawa. Yogyakarta:
Jaker.
Hadiwijaya, Toyib.
Djaka Lodang.
Yogyakarta
G.
LAMPIRAN
Gusti
Maha Sae
Nadhyan uripku
ngrekasa
Nanging isih
akeh sing luwih ngrekasa
Mula aku kudu
tansah sabar lan narima
Delengen para
kadang kang nandhang papa cintraka
Cacahe isih
mayuta yuta
Mula aku tansah
muji sokur marang Kang Kuasa
Pinaringan
kanugrahan maneka warna
Buwangen rasa
rudatin
Urip kudu gelem
prihatin
Kanggo nggayuh
katentreman lahir batin
Coba limbangen
tekan dhasaring ati
Kasaenan Dalem
tanpa upami
Sanadyan kita
asring supe marang Gusti
Nanging peparing
Dalem tanpa sarenti
Sandhang boga
lan kebutuhan saben ari
Tansah diparingi
Mula kadang,
mumpung isih omber wektune
Ayo padha
ngestokake dhawuhe
Miturut dalane
dhewe-dhewe
Gusti ora bakal
mbedak-mbedakake
Tansah peparing
marang kabeh umate
Awit Gusti
pancen Maha Sae
Luwi Subagya
Cebogan, Juli 2011
Sumber : Djaka
Lodang No. 13 (25/8/2012)
Ati
Kang Peteng
Nabi Ibrahim taat
Nabi Ismail tabah
Kanthi ikhlas ngleksanakake
Prentah sing paling abot
Neng sejarah uriping manungsa
Kaikhlasane bapak lan anak nglakoni
dhawuh suci
Isining ati mung iman lan tawakal
Maring Allah Rabbul’aalamiin
Jaman saiki...
Akeh anak wani marang wong tuwa
Uga ora sitik wong tuwa duraka
Atine wis ketutup ora bisa nampa
sunaring iman
Ora bisa mbedakake antarane Qur’an
lan koran, ibadat lan adat
Nalika Idul Adha wis cedhak
Sing sugih bandha sanalika pelit
Wegah kurban kanthi sewu alasan
Nanging yen ana dum-duman daging
ora nolak, senenge ora jamak
Ora ana sing ngerti depositone lemu
Dompete padhet
Ati kang peteng susah nampa dhawuhe
Allah Rabbul Izzati
Rohanine kotor, adoh saka amal
saleh
Jalma kang diselimuti penyakit
cethil
Tanngane nggegem dhuwit lan emas
Susah diajak korban la mbanti
du’afa
Uga marang bocah-bocah yatim piatu
Kang mesthine perlu dhana lan
katresnan
Saka dulur-dulurku kang kebandhan
Allahu Akbar Walillaahilham
Mulia Mulyadi
Ngaglik, 20-September-2012
Sumber : Djaka Lodang No. 23
(3/11/2012)
Mumpung
Isih Kepareng Urip
Aja mingkur
marang dhawuhe agama
Darapon urip
mukti
Ra mung aneng
donya
Tumekeng alam
swarga
Mumpung sih
kepareng urip
Aglis gumegrah
Ngabektia mring
Gusti
Eling den eling
pira wene urip aneng donya iki
Mumpung isih
kepareng urip aja lirwa ngabekti mring Gusti
Lumantar agami
kang yekti pinilih kanthi anteping ati
Minangka
pandoming urip murih kalis ing bilahi
Ora rugi ing
tembe buri, ketrima amal bektine mring illahi Rabi
Aja selak
kuwasaning Gusti kang nyipta jagat raya
Bareng mukti
wibawa lali marang kang keparing beja
Mumpung lawang
tobat isih ngablak-ablak menga amba
Gage minta
aksama-Ne kanthi eklas kang tumus saka sucining nala
Murih sisane
urip bisa aweh piguna tumrap hayuning bawana
R. Bambang Suringgih,
S. Sn
Minomartani, 28
Februari 2007
Sumber : Djaka
Lodang No. 33 (2008)