ANALISIS CERKAK “PESANTRENE AMIN”
dening
Arlita Qurnia Dewi ( X.1 / 04 )
Meida Riski Pujiyati ( X.1 / 19 )
A. Irah-Irahane Cerkak
Irah-irahan :
Pesantrene Amin
Sumber
Cerkak : Majalah Djaka Lodang
Edisi : 29
Tahun : 2008
Katulis
Dening : Hamid Nuri
B.
Tema
Cerkak kang irah-irahan “Pesantrene
Amin” kanthi tema Pesantren Nggawa
Berkah.
Pesantrene Amin
bisa nggawa berkah amarga pesantren kasebat kang kabangun ana ing papan maksiat
bisa sithik-sithik ngilangake kegiatan maksiat kanthi bener-bener ilang. Wong
kang dadi pekerja maksiat uga isin lan pindah. Kamangka pesantrene Amin bisa
nggawa berkah kang becik.
C.
Alur
Alure cerkak “Pesantrene Amin” yaiku Alur
Campuran (nduweni alur maju lan alur mundhur).
Lakune crita ing perangan kaping pisan
kanthi nudhuhake wektu iku. Banjur njlentrehake kekarepane salah sijine paraga
yaiku Pak Kaji Munawar ing wektu biyen. Perangan tengahe mawa kedadean kang
bisa ngubungke alur maju lam mundhur. Lan perangan kang akhir kanthi alur maju
saka kabangune pesantren kanthi Pak Kaji Munawar njaluk ngapura lan ngrestuni
anake.
1. Alur Mundhur
-
Pak Kaji Munawar ora nayogyani Amin
mbangun pesantren ing papan maksiat.
-
Pak Kaji Munawar nguman-uman anake nduwe niyat arep nggawe
pesantren.
-
Pak Kaji Munawar sadurunge rumangsa bombong
nalika Amin arep mbangun pesantren.
-
Pak Kaji Munawar saka biyen nduweni
gegayuhan kepengin mbangun pesantren.
-
Pak Kaji Munawar iku lulusan pesantren
unggulan saka Jawa Timur.
-
Pepinginane Pak Kaji Munawar ora
kaleksanan merga usaha bathik wongtuwane bangkrut.
-
Pak Kaji Munawar ngrintis usaha liya
yaiku dagang.
-
Pak Kaji ndonga supaya keturunane duwe
gegayuhan nggawe pesantren.
-
Pak Kaji Munawar nduwe anak papat.
-
Anake disekolahke ing sekolah kondhang
pelajaran agamane.
2.
Alur Maju
-
Amin wis mantep nggawe pesantren ing
papan kang kondhang desa maksiat.
-
Pak Kaji Munawar ora ngrestuni.
-
Akeh kanca-kancane Amin kang padha
mbiyantu Amin.
-
Ora suwe bangunan pesantren wis dadi.
-
Para warga mligine para remaja akeh kang
banjur melu kegiyatan pesantren.
-
Kegiatan maksiat uga isih ana.
-
Para pejabat kang rawuh lan bocah-bocah
ugal-ugalan kapatah melu mbantu dadi panitya dina gedhe Islam.
-
Joni salah sijining bocah enom ndugal
kepengin sadar.
-
Kegiatan pesantren saya gayeng.
-
Pesantrene Amin dadi kondhang.
-
Kanca kenthele Pak Kaji Munawar ngirim
putune kanggo nyantri ing Kyai Amin.
-
Pak Kaji Munawar minangka abahae Amin
tilik menyang pesantrene Amin kanggo njaluk ngapura.
-
Amin njaluk pngestu marang Abahe.
Urutan Kronologis
-
Pak Kaji Munawar iku lulusan psantren unggulan
saka Jawa Timur.
-
Pak Kaji duwe anak papat.
-
Pak Kaji duwe gwgayuhan mbangun
pesantren.
-
Usaha bathik wongtuwane bangkrut.
-
Gegayuhan ora bisa kaleksanan.
-
Pak Kaji Munawar ngrintis usaha liya
yaiku dagang.
-
Pak Kaji banjur ndonga supaya keturunane
ana kang duwe gegayuhan nggawe pesantren.
-
Anake disekolahke ing sekolah kondhang
pelajaran agamane.
-
Amin, anak kang ragil duwe gegayuhan
bangun pesantren.
-
Pak Kaji Munawar ngrasa bombong.
-
Amin duwe niyat nggawe pesantren ing
papan pelanyahan paling tuwa ing kuthane.
-
Pak Kaji ora nayogyani Amin nggawe
pesantren ing papa maksiat.
-
Amin wis mantep nggawe pesantren ing
papan kang kondhang desa maksiat.
-
Pak Kaji Munawar ora ngrestuni.
-
Akeh kanca-kancane Amin kang padha
mbiyantu Amin.
-
Ora suwe bangunan pesantren wis dadi.
-
Para warga mligine para remaja akeh kang
banjur melu kegiyatan pesantren.
-
Kegiatan maksiat uga isih ana.
-
Para pejabat kang rawuh lan bocah-bocah
ugal-ugalan kapatah melu mbantu dadi panitya dina gedhe Islam.
-
Joni salah sijining bocah enom ndugal kepengin
sadar.
-
Kegiatan pesantren saya gayeng.
-
Pesantrene Amin dadi kondhang.
-
Kanca kenthele Pak Kaji Munawar ngirim
putune kanggo nyantri ing Kyai Amin.
-
Pak Kaji Munawar minangka abahae Amin
tilik menyang pesantrene Amin kanggo njaluk ngapura.
-
Amin njaluk pngestu marang Abahe.
D.
Paraga lan Wewatakane
1.
Pak Kaji Munawar
-
Lanang.
-
Wong tuwa merga wis nduwe bojo lan duwe anak papat.
-
Bapake Amin.
-
Kerjaane : nerusake usaha bathik wongtuwane, amarga bangkrut banjur dagang.
Nanging
pepinginan iku ora kaleksanan merga keburu ngoyak butuh sawise usaha bathike
wongtuwane bangkrut.
Mula
dheweke banjur ngrintis usaha liyane yaiku dagang.
-
Gegayuhan : Mbangun pesantren.
Pancen
dheweke biyen nduweni gegayuhan kepingin mbangun pesantren.
-
Egois
“Mbuh!
Rasah crigis! Bayi wingi sore kok nuturi wong tuwa.”
-
Ora
gelem nayogyani anake
“Abah
ora nayogyani menawa kowe milih papan iku minangka papan kanggo mbangun
pesantren, kaya ora ana papan liya, kejaba kampung maksiat iku.”
-
Kenthel
agamane
Lan
ing atine banjur ndonga supaya ana salah siji keturunane kang nduweni gegayuhan
gawe pesantren. Ingga anak-anake kabeh
disekolahke ana sekolah kondhang kanthi pelajaran agamane.
-
Pinter
Merga
dheweke iku lulusan pesantren unggulan saka Jawa Timur.
-
Sadhar
dhiri
“Pranyata
kowe kang bener Min, Abah rumangsa salah biyen nguman-nguman kowe. Malah tekan
saiki durung niliki pesantrenmu.”
2. Amin
-
Lanang.
-
Anake Pak Kaji Munawar kang ragil.
Rasane
seneng nalika anake ragil, Amin mretelakake krentege kanggo mbangun pesantren.
-
Mudha.
Kyai
mudha iki malah nyedhaki para bocah enom kang seneng mabuk-mabukan iku.
-
Pitaya
dhiri lan kukuh pendhiriane
Nggih
papan niku kang kula anggep pantes minangka lokasi pesantren.
Amin
pancen wis mantep mbangun pesantren ing papan iku.
-
Sopan
“Nggih
papan niku kang kula anggep pantes minangka lokasi pesantren. Menapa malih kula
inggih sampun tumbas lemah kang calonipun kangge pesantren.”
-
Acuh
Saengga
arepa ora dipangestoni abahe dheweke tetep ngrintis anane pesantren ing kampung kang biyen kondhang minagka kampung pelanyahan,
kampung kang kebak maksiat.
-
Nduweni
niyat kang apik
“Pancen
niyat kula nggih kanggo mbantu ngilangi panganggep ngengingi kampung niki.”
-
Ora
ketinggalan jaman
“Kita
pancen kepengin para santri ora mung pinter babagan agama wae, naging bisa maca
lan ketrampilam modhel jaman saiki ....”
- Ora
meksa karepane wong liya
Wong
kang mabuk-mabukan isih ana, nanging Amin ora perduli. Dheweke uga ora kepengin
ngerahke para santrine kanggo mbrantas papan maksiat.
-
Gelem
nasihati wong liya
“Kawigaten
kita kepriye supaya para remaja lan bocah-bocah kang durung kambon bab-bab maksiat
iku bisa kita slametke. Kita rasah golek perkara kanthi ngobrak-abrik papan
iku. Malah mung golek musuh.”
“Taksih
kathah Mas Joni. Ingkang baku sampun gadhah niyat menika sampun sae”
-
Ora
mandhang sawijine kahanan sisih mripat
Akeh-akeh
Amin njlentrehake rencanane arep gawe pesantren ing kampung kang kondhang
minangka kampung utawa desa biyen-biyene kondhang minangka desa maksiat.
Kyai mudha iki malah nyedhaki para bocah enom kang seneng mabuk-mabukan iku.
-
Gelem
nanggung resiko
Abahe
ora mengestoni Amin mbangun ing papan maksiat, abahe uga ora gelem ngrawuhi
acara paresmian pesantren ing tilas kampung maksiat iku.
-
Alim
lan kenthel agamane
Mengeti
dina-dina gedhe kanggo umat Islam, kayata Maulud Nabi, Isra’ Mi’raj, Nuzulul Quran
lsp.
-
Nduwe gegayuhan kang mulia
Kyai
Mudha iku uga nyuwun pangestu supaya pesantrene terus migunani kanggo bangsa
lan negara.
3.
Bu Kaji Munawar
-
Wadon.
-
Bojone Pak Kaji Munawar.
-
Wong tuwa wis nduwe bojo lan anakpapat.
-
Ibune Amin.
Umi,
Ibune Amin nyoba nglipur anak ragile.
-
Pedhulinan
“Ya
sing sabar ya le...Aja ndadekake atimu.”
-
Ora
meksa pepinginane anake
“Ya
sing sabar ya le...Aja ndadekake atimu.”
4.
Para warga
- Ana kang pedhuli utawa sadhar lan ndukung
“Lha
inggih! Kula lan sebagean warga sabenere uga rumangsa risi merga kondhang
minangka kampung maksiat . Malah akeh mudha-mudhi ngriki kang menawa tetepungan
nyebut kampung niki kanthi isin.”
- Ana kang durung sadhar
Kegiatan
kang sipate maksiat uga isih mlaku. Malah sing ambuk-mabukan uga isih akeh.
-
Bocah enom
Kegiatan
pesantren mligine para remaja padha gelem nyinauni Al-Quran, basa Arab, lan
ilmu agama.
- Ana bocah-bocah kang ugal-ugalan
Bocah-bocah
ugal-ugalan iku kapatah melu mbantu dadi panitya. Ana sing dadi tukang parkir,
tenaga keamanan utawa minangka bagian perlengkapan.
5.
Joni
-
Lanang.
-
Enom.
Pratelane
Joni tetunggale para bocah enom ndugal.
-
Salah sijine bocah ugal-ugalan.
-
Nduwe
niyatan sadhar dhiri lan akhire sadhar
“Napa
kula sakanca menika taksih wonten dalan kangge sadhar ....?”
-
Sopan
“Merga
sadurunge kita menika dianggep bocah mursal, njalari arang ingkang ngaruhaken, malah
Pak Kyai kersa ngaruhaken kula sakanca.”
6.
Kancane Kaji Munawar
- Kanca kenthele Kaji Munawar.
Mangkono
isi layang saka kanca kenthele Kaji Munawar ing pesantren.
- Eling kanca
Ngirimi
layang kanggo Kaji Munawar.
- Peduli marang putune
“Lha
merga iku, aku arep ngirim putuku kanggo nyantri ing pesantrene Kyai Amin.”
E. Latar
a. Panggonan
- Ing ruang tamu
Sentake
Pak Kaji Munawar, karo klepat nglungani ruang
tamu kang maune kanggo papan patemon.
- Ing salah siji kampung
kang kondhang minagka desa maksiat
Nanging Kaji Munawar,
abahe Amin ora gelem ngrawuhi acara peresmian pesantren ing tilas kampung maksiat iku.
Akeh-akeh Amin
njlentrehake rencanane arep gawe pesantren ing kampung kang kondhang
minangka kampung utawa desa biyen-biyene kondhang minangka desa maksiat.
- Ing pesantrene Amin
Mangkono kandhane Amin
nalika ana kancane ngangsu kawruh ing
pesantren nduweni usul supaya mbubarke papan maksiat ing kampung iku.
b. Wektu
- Biyen
Pancen
dheweke biyen nduweni gegayuhan
kepengin mbangun pesantren.
- Saiki
Anake nomer loro malah
banjur dadi diplomat, saiki ngepos
ing Negara Inggris.
-
Nalika peresmian pesantrene Amin
Lan
peresmian pesantren diadani kanthi
meriyah. Peresmian uga dirawuhi para pejabat.
-
Nalika ana kancane Amin ngangsu kawruh ing pesantrene
Mangkono kandhane Amin nalika ana kancane Amin ngangsu kawruh ing
pesantren nduweni usul supaya mbubarke papan maksiat ing kampung iku.
- Nalika ana kegiatan pengetan
dina-dina gedhe kanggo umat Islam
Nalika
ana kegiatan pengetan dina-dina gedhe kanggo umat Islam, kayata Maulud Nabi, Isra’ Mi”raj,
Nuzulul Quran. Para pejabat kang rawuh mertinjo ing papan iku.
F. Sudut Pandang
Sudut
pandang ana ing cerkak “Pesantrene Amin” yaiku sudut pandhang wong kang kaping telu.
Sudut
pandang wong kang kaping telu : aku nyritakake wong liya. Aku dadi wong kang
nyritakake critane wong liya.
G. Amanat
-
Saben wong iku duwe kepenginan kang kudu
digayuh. Kabeh wong mesthi duwe kepenginan, menawa kita ana niyat mesthi ana
dalan kang bisa mujudake.
-
Wong tuwa iku aja meksa karepane anake,
kudune malah ndukung apa kang anak karepke menawa kekarepane becik.
-
Yen karo wong kang luwih tuwa iku
ngomonge kudu sopan. Contone kaya Amin ngomong karo Abahe nganggo krama alus.
-
Aja mandhang sawijine kahanan sisih mripat. Menawa durung
ana buktine aja asal mikir kang ala, durung mesti pikaran kang ala iku bener.
-
Dadi wong iku aja ketinggalan jaman,
kudu ngerti jaman modern kaya saiki. Sebab teknologi lan komunikasi saya suwe
saya maju. Aja ngasi kita dadi wong kang ora ngerti teknologi.
-
Aja mikir kang ora apik yen pamikiran
kasebut durung kabuktikake. Pikiran kang ala bab sawijine iku perilaku kang ora
becik. Pikirke kang positif kanggo apa wae.
-
Dadia wong kang migunani marang wong
liya, sukur-sukur tumrap bangsa lan negara.
-
Menehi nasihat kanggo wong liya sanajan
iku mung sethithik, iku mesthi menehi manfaat.
-
Menawa kita ngrasa apa wae kang dianggep
salah, sadungure nyesel tobatlah supaya kita dadi wong kang bener.
H. Sinopsis
Pesantenipun
Amin
Pak Kaji Munawar boten nayogyani
Amin ndamel pesantren ing panggenan maksiat. Pak Kaji Munawar nguman-uman
putranipun ndamel pesantren wonten ing panggenan palenyahan ingkang paling
sepuh ing kuthanipun Amin. Saderenge, Pak Kaji Munawar ngraos bombong nalika
Amin gadhah gegayuhan badhe mbangun pesantren. Amargi, biyen Pak Kaji Munawar ugi
kepengin mbangun pesantren.
Pak
Kaji Munawar punika santri lulusan pesantren unggulan saking Jawa Timur.
Pepenginanipun Pak Kaji Munawar kasebat boten kaleksanan amargi usaha
bathikipun bangkrut. Lajeng Pak Kaji Munawar ngrintis usaha ingkang sanes
kaliyan ndonga supados keturunanipun saged nggadhahi gegayuhan ndamel
pesantren. Saking pepenginan kasebat, Pak Kaji nyekolahaken putranipun wonten
ing sekolah ingkang kondhang pelajaran agamanipun. Pak Kaji Munawar gadhah
putra sekawan, Hakim ingkang pambajeng remenipun kerja ing Bank. Ikhwan putra
nomer kalih, dados diplomat wonten ing negara Inggris. Uswatun putra nomer tiga
sampun griya-griya kaliyan juragan bathik Pekalongan. Amin putra ragilipun
mratelakaken kangge mbangun pesantren.
Amin
sampun mantep anggenipun mbangun pesantren ing papan kang kondhang desa maksiat.
Ananging Pak Kaji Munawar, abahipun Amin boten mangestuni. Bu Kaji Munawar
lajeng nglipur putra ragilipun amargi ngendikanipun abah. Kathah
kanca-kancanipun Amin ingkang sami mbiyantu anggenipun badhe mbangun pesantren.
Boten dangu bangunan pesantren sampun dados kaliyan peresmianipun kanthi
meriyah ugi dipunrawuhi para pejabat, ananging Pak Kaji Munawar boten rawuh.
Para
warga mliginipun para remaja kathah ingkang lajeng nderek kegiatan pesantren.
Amin ugi mbikak pasinaon kangge nyinaoni basa Inggris kaliyan komputer.
Pesantren wiwit ngawontenaken kegiatan, kegiatan maksiat ugi taksih wonten.
Amin ugi boten kepingin ngerahaken para santri kangge mberantas panggenan
maksiat kasebat.
Nalika
wonten kegiatan pengetan dinten-dinten ageng kagem umat Islam, para pejabat
rawuh mertinjo wonten ngrika. Lare-lare ugal-ugalan kapatah nderek dados
panitya. Joni salah satunggaling bocah enom ndugal ugi kepengin sadhar. Kegiatan
pesantren saya gayeng, tiyang-tiyang ingkang jajan ing panggenan ngrika dados
lingsem. Para pekerja seks kaliyan mucikari pindhah pados panggenan sanes.
Pesantren
Amin dados kondhang, kathah ingkang rawuh saperlu nggegulang ilmu. Kanca kenthelipun
Pak Kaji Munawar ugi ngirim wayahipun kangge nyantri ing Kyai Amin. Pak Kaji
Munawar minangka abahipun Amin rawuh dhateng pesantrenipun Amin kagem nyuwun
pangapunten dhateng Amin. Amin ugi nyuwun pangestu supados pesantrenipun Amin
saged migunani tumrap bangsa kaliyan negara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar