WELCOME

GOOD LIVE, GOOD FUTURE

Jumat, 15 November 2013

ANALISIS CERKAK

ANALISIS CERKAK “PESANTRENE AMIN”
dening
Arlita Qurnia Dewi ( X.1 / 04 )
Meida Riski Pujiyati ( X.1 / 19 )
A.  Irah-Irahane Cerkak
Irah-irahan              : Pesantrene Amin
Sumber Cerkak       : Majalah Djaka Lodang
Edisi                       : 29
Tahun                     : 2008
Katulis Dening       : Hamid Nuri
B. Tema                                                                                                                              
Cerkak kang irah-irahan “Pesantrene Amin” kanthi tema Pesantren Nggawa Berkah.
Pesantrene Amin bisa nggawa berkah amarga pesantren kasebat kang kabangun ana ing papan maksiat bisa sithik-sithik ngilangake kegiatan maksiat kanthi bener-bener ilang. Wong kang dadi pekerja maksiat uga isin lan pindah. Kamangka pesantrene Amin bisa nggawa berkah kang becik.
C. Alur                                                                                                                                 
Alure cerkak “Pesantrene Amin” yaiku  Alur Campuran (nduweni alur maju lan alur mundhur).
       Lakune crita ing perangan kaping pisan kanthi nudhuhake wektu iku. Banjur njlentrehake kekarepane salah sijine paraga yaiku Pak Kaji Munawar ing wektu biyen. Perangan tengahe mawa kedadean kang bisa ngubungke alur maju lam mundhur. Lan perangan kang akhir kanthi alur maju saka kabangune pesantren kanthi Pak Kaji Munawar njaluk ngapura lan ngrestuni anake.
     1. Alur Mundhur
-  Pak Kaji Munawar ora nayogyani Amin mbangun pesantren ing papan maksiat.
-  Pak Kaji Munawar  nguman-uman anake nduwe niyat arep nggawe pesantren.
-  Pak Kaji Munawar sadurunge rumangsa bombong nalika Amin arep mbangun pesantren.
-  Pak Kaji Munawar saka biyen nduweni gegayuhan kepengin mbangun pesantren.
-  Pak Kaji Munawar iku lulusan pesantren unggulan saka Jawa Timur.
-  Pepinginane Pak Kaji Munawar ora kaleksanan merga usaha bathik wongtuwane bangkrut.
-  Pak Kaji Munawar ngrintis usaha liya yaiku dagang.
-  Pak Kaji ndonga supaya keturunane duwe gegayuhan nggawe pesantren.
-  Pak Kaji Munawar nduwe anak  papat.
-  Anake disekolahke ing sekolah kondhang pelajaran agamane.
2. Alur Maju
-  Amin wis mantep nggawe pesantren ing papan kang kondhang desa maksiat.
-  Pak Kaji Munawar ora ngrestuni.
-  Akeh kanca-kancane Amin kang padha mbiyantu Amin.
-  Ora suwe bangunan pesantren wis dadi.
-  Para warga mligine para remaja akeh kang banjur melu kegiyatan pesantren.
-  Kegiatan maksiat uga isih ana.
-  Para pejabat kang rawuh lan bocah-bocah ugal-ugalan kapatah melu mbantu dadi panitya dina gedhe Islam.
-  Joni salah sijining bocah enom ndugal kepengin sadar.
-  Kegiatan pesantren saya gayeng.
-  Pesantrene Amin dadi kondhang.
-  Kanca kenthele Pak Kaji Munawar ngirim putune kanggo nyantri ing Kyai Amin.
-  Pak Kaji Munawar minangka abahae Amin tilik menyang pesantrene Amin kanggo njaluk ngapura.
-  Amin njaluk pngestu marang Abahe.
Urutan Kronologis
-  Pak Kaji Munawar iku lulusan psantren unggulan saka Jawa Timur.
-  Pak Kaji duwe anak papat.
-  Pak Kaji duwe gwgayuhan mbangun pesantren.
-  Usaha bathik wongtuwane bangkrut.
-  Gegayuhan ora bisa kaleksanan.
-  Pak Kaji Munawar ngrintis usaha liya yaiku dagang.
-  Pak Kaji banjur ndonga supaya keturunane ana kang duwe gegayuhan nggawe pesantren.
-  Anake disekolahke ing sekolah kondhang pelajaran agamane.
-  Amin, anak kang ragil duwe gegayuhan bangun pesantren.
-  Pak Kaji Munawar ngrasa bombong.
-  Amin duwe niyat nggawe pesantren ing papan pelanyahan paling tuwa ing kuthane.
-  Pak Kaji ora nayogyani Amin nggawe pesantren ing papa maksiat.
-  Amin wis mantep nggawe pesantren ing papan kang kondhang desa maksiat.
-  Pak Kaji Munawar ora ngrestuni.
-  Akeh kanca-kancane Amin kang padha mbiyantu Amin.
-  Ora suwe bangunan pesantren wis dadi.
-  Para warga mligine para remaja akeh kang banjur melu kegiyatan pesantren.
-  Kegiatan maksiat uga isih ana.
-  Para pejabat kang rawuh lan bocah-bocah ugal-ugalan kapatah melu mbantu dadi panitya dina gedhe Islam.
-  Joni salah sijining bocah enom ndugal kepengin sadar.
-  Kegiatan pesantren saya gayeng.
-  Pesantrene Amin dadi kondhang.
-  Kanca kenthele Pak Kaji Munawar ngirim putune kanggo nyantri ing Kyai Amin.
-  Pak Kaji Munawar minangka abahae Amin tilik menyang pesantrene Amin kanggo njaluk ngapura.
-  Amin njaluk pngestu marang Abahe.
D. Paraga lan Wewatakane
1. Pak Kaji Munawar
- Lanang.                                                                                                             
- Wong tuwa merga wis nduwe bojo lan duwe anak papat.                            
- Bapake Amin.
- Kerjaane : nerusake usaha bathik wongtuwane, amarga bangkrut banjur dagang.
Nanging pepinginan iku ora kaleksanan merga keburu ngoyak butuh sawise usaha bathike wongtuwane bangkrut.
Mula dheweke banjur ngrintis usaha liyane yaiku dagang.
- Gegayuhan : Mbangun pesantren.
Pancen dheweke biyen nduweni gegayuhan kepingin mbangun pesantren.
-  Egois
“Mbuh! Rasah crigis! Bayi wingi sore kok nuturi wong tuwa.”
-  Ora gelem nayogyani anake
“Abah ora nayogyani menawa kowe milih papan iku minangka papan kanggo mbangun pesantren, kaya ora ana papan liya, kejaba kampung maksiat iku.”
-  Kenthel agamane
Lan ing atine banjur ndonga supaya ana salah siji keturunane kang nduweni gegayuhan gawe pesantren. Ingga  anak-anake kabeh disekolahke ana sekolah kondhang kanthi pelajaran agamane.
-  Pinter
Merga dheweke iku lulusan pesantren unggulan saka Jawa Timur.
-  Sadhar dhiri
“Pranyata kowe kang bener Min, Abah rumangsa salah biyen nguman-nguman kowe. Malah tekan saiki durung niliki pesantrenmu.”
2. Amin     
- Lanang.
- Anake Pak Kaji Munawar kang ragil.
Rasane seneng nalika anake ragil, Amin mretelakake krentege kanggo mbangun pesantren.
- Mudha.                                                                               
Kyai mudha iki malah nyedhaki para bocah enom kang seneng mabuk-mabukan iku.
-  Pitaya dhiri lan kukuh pendhiriane
Nggih papan niku kang kula anggep pantes minangka lokasi pesantren.
Amin pancen wis mantep mbangun pesantren ing papan iku.
-  Sopan
  “Nggih papan niku kang kula anggep pantes minangka lokasi pesantren. Menapa malih kula inggih sampun tumbas lemah kang calonipun kangge pesantren.”
-  Acuh
Saengga arepa ora dipangestoni abahe dheweke tetep ngrintis anane  pesantren ing kampung  kang biyen kondhang minagka kampung pelanyahan, kampung kang kebak maksiat.
-  Nduweni niyat kang apik
“Pancen niyat kula nggih kanggo mbantu ngilangi panganggep ngengingi kampung niki.”
-  Ora ketinggalan jaman
“Kita pancen kepengin para santri ora mung pinter babagan agama wae, naging bisa maca lan ketrampilam modhel jaman saiki ....”
- Ora meksa karepane wong liya
Wong kang mabuk-mabukan isih ana, nanging Amin ora perduli. Dheweke uga ora kepengin ngerahke para santrine kanggo mbrantas papan maksiat.
-  Gelem nasihati wong liya
“Kawigaten kita kepriye supaya para remaja lan bocah-bocah kang durung kambon bab-bab maksiat iku bisa kita slametke. Kita rasah golek perkara kanthi ngobrak-abrik papan iku. Malah mung golek musuh.”                                                                                                     “Taksih kathah Mas Joni. Ingkang baku sampun gadhah niyat menika sampun sae”
-  Ora mandhang sawijine kahanan sisih mripat
  Akeh-akeh Amin njlentrehake rencanane arep gawe pesantren ing kampung  kang kondhang  minangka kampung utawa desa biyen-biyene kondhang minangka desa maksiat. Kyai mudha iki malah nyedhaki para bocah enom kang seneng mabuk-mabukan iku.
-  Gelem nanggung resiko
Abahe ora mengestoni Amin mbangun ing papan maksiat, abahe uga ora gelem ngrawuhi acara paresmian pesantren ing tilas kampung maksiat iku.
-  Alim lan kenthel agamane
Mengeti dina-dina gedhe kanggo umat Islam, kayata Maulud Nabi, Isra’ Mi’raj, Nuzulul Quran lsp.
-   Nduwe gegayuhan kang mulia
Kyai Mudha iku uga nyuwun pangestu supaya pesantrene terus migunani kanggo bangsa lan negara.
3. Bu Kaji Munawar       
- Wadon.
- Bojone Pak Kaji Munawar.
- Wong tuwa wis nduwe bojo lan anakpapat.
- Ibune Amin.
Umi, Ibune Amin nyoba nglipur anak ragile.
-  Pedhulinan
“Ya sing sabar ya le...Aja ndadekake atimu.”
-  Ora meksa pepinginane anake
“Ya sing sabar ya le...Aja ndadekake atimu.”
4. Para warga             
- Ana kang pedhuli utawa sadhar lan ndukung         
“Lha inggih! Kula lan sebagean warga sabenere uga rumangsa risi merga kondhang minangka kampung maksiat . Malah akeh mudha-mudhi ngriki kang menawa tetepungan nyebut kampung niki kanthi isin.”
- Ana kang durung sadhar
Kegiatan kang sipate maksiat uga isih mlaku. Malah sing ambuk-mabukan uga isih akeh.
- Bocah enom
Kegiatan pesantren mligine para remaja padha gelem nyinauni Al-Quran, basa Arab, lan ilmu agama.
- Ana bocah-bocah kang ugal-ugalan
Bocah-bocah ugal-ugalan iku kapatah melu mbantu dadi panitya. Ana sing dadi tukang parkir, tenaga keamanan utawa minangka bagian perlengkapan.
5. Joni                          
- Lanang.
- Enom.                                                                                
Pratelane Joni tetunggale para bocah enom ndugal.
- Salah sijine bocah ugal-ugalan.
-  Nduwe niyatan sadhar dhiri lan akhire sadhar
“Napa kula sakanca menika taksih wonten dalan kangge sadhar ....?”
-  Sopan
  “Merga sadurunge kita menika dianggep bocah mursal, njalari arang ingkang ngaruhaken, malah Pak Kyai kersa ngaruhaken kula sakanca.”
6. Kancane Kaji Munawar
- Kanca kenthele Kaji Munawar.
Mangkono isi layang saka kanca kenthele Kaji Munawar ing pesantren.
-  Eling kanca
  Ngirimi layang kanggo Kaji Munawar.
-  Peduli marang putune
“Lha merga iku, aku arep ngirim putuku kanggo nyantri ing pesantrene Kyai Amin.”
E. Latar
a. Panggonan
- Ing ruang tamu
Sentake Pak Kaji Munawar, karo klepat nglungani ruang tamu kang maune kanggo papan patemon.
- Ing salah siji kampung kang kondhang minagka desa maksiat
Nanging Kaji Munawar, abahe Amin ora gelem ngrawuhi acara peresmian pesantren ing tilas kampung maksiat iku.
Akeh-akeh Amin njlentrehake rencanane arep gawe pesantren ing kampung  kang kondhang  minangka kampung utawa desa biyen-biyene kondhang minangka desa maksiat.
- Ing pesantrene Amin
Mangkono kandhane Amin nalika ana kancane ngangsu kawruh ing pesantren nduweni usul supaya mbubarke papan maksiat ing kampung iku.
b. Wektu
- Biyen
Pancen dheweke biyen nduweni gegayuhan kepengin mbangun pesantren.
- Saiki
Anake nomer loro malah banjur dadi diplomat, saiki ngepos ing Negara Inggris.
- Nalika peresmian pesantrene Amin
Lan peresmian pesantren diadani kanthi meriyah. Peresmian uga dirawuhi para pejabat.
- Nalika ana kancane Amin ngangsu kawruh ing pesantrene
Mangkono kandhane Amin nalika ana kancane Amin ngangsu kawruh ing pesantren nduweni usul supaya mbubarke papan maksiat ing kampung iku.
- Nalika ana kegiatan pengetan dina-dina gedhe kanggo umat Islam
Nalika ana kegiatan pengetan dina-dina gedhe kanggo umat Islam, kayata Maulud Nabi, Isra’ Mi”raj, Nuzulul Quran. Para pejabat kang rawuh mertinjo ing papan iku.
F. Sudut Pandang
Sudut pandang ana ing cerkak “Pesantrene Amin” yaiku sudut pandhang wong kang kaping telu.
Sudut pandang wong kang kaping telu : aku nyritakake wong liya. Aku dadi wong kang nyritakake critane wong liya.

G. Amanat
-       Saben wong iku duwe kepenginan kang kudu digayuh. Kabeh wong mesthi duwe kepenginan, menawa kita ana niyat mesthi ana dalan kang bisa mujudake.
-       Wong tuwa iku aja meksa karepane anake, kudune malah ndukung apa kang anak karepke menawa kekarepane becik.
-       Yen karo wong kang luwih tuwa iku ngomonge kudu sopan. Contone kaya Amin ngomong karo Abahe nganggo krama alus.
-       Aja mandhang sawijine kahanan sisih mripat. Menawa durung ana buktine aja asal mikir kang ala, durung mesti pikaran kang ala iku bener.
-       Dadi wong iku aja ketinggalan jaman, kudu ngerti jaman modern kaya saiki. Sebab teknologi lan komunikasi saya suwe saya maju. Aja ngasi kita dadi wong kang ora ngerti teknologi.
-       Aja mikir kang ora apik yen pamikiran kasebut durung kabuktikake. Pikiran kang ala bab sawijine iku perilaku kang ora becik. Pikirke kang positif kanggo apa wae.
-       Dadia wong kang migunani marang wong liya, sukur-sukur tumrap bangsa lan negara.
-       Menehi nasihat kanggo wong liya sanajan iku mung sethithik, iku mesthi menehi manfaat.
-     Menawa kita ngrasa apa wae kang dianggep salah, sadungure nyesel tobatlah supaya kita dadi wong kang bener.
H. Sinopsis
Pesantenipun Amin
    
            Pak Kaji Munawar boten nayogyani Amin ndamel pesantren ing panggenan maksiat. Pak Kaji Munawar nguman-uman putranipun ndamel pesantren wonten ing panggenan palenyahan ingkang paling sepuh ing kuthanipun Amin. Saderenge, Pak Kaji Munawar ngraos bombong nalika Amin gadhah gegayuhan badhe mbangun pesantren. Amargi, biyen Pak Kaji Munawar ugi kepengin mbangun pesantren.
            Pak Kaji Munawar punika santri lulusan pesantren unggulan saking Jawa Timur. Pepenginanipun Pak Kaji Munawar kasebat boten kaleksanan amargi usaha bathikipun bangkrut. Lajeng Pak Kaji Munawar ngrintis usaha ingkang sanes kaliyan ndonga supados keturunanipun saged nggadhahi gegayuhan ndamel pesantren. Saking pepenginan kasebat, Pak Kaji nyekolahaken putranipun wonten ing sekolah ingkang kondhang pelajaran agamanipun. Pak Kaji Munawar gadhah putra sekawan, Hakim ingkang pambajeng remenipun kerja ing Bank. Ikhwan putra nomer kalih, dados diplomat wonten ing negara Inggris. Uswatun putra nomer tiga sampun griya-griya kaliyan juragan bathik Pekalongan. Amin putra ragilipun mratelakaken kangge mbangun pesantren.
            Amin sampun mantep anggenipun mbangun pesantren ing papan kang kondhang desa maksiat. Ananging Pak Kaji Munawar, abahipun Amin boten mangestuni. Bu Kaji Munawar lajeng nglipur putra ragilipun amargi ngendikanipun abah. Kathah kanca-kancanipun Amin ingkang sami mbiyantu anggenipun badhe mbangun pesantren. Boten dangu bangunan pesantren sampun dados kaliyan peresmianipun kanthi meriyah ugi dipunrawuhi para pejabat, ananging Pak Kaji Munawar boten rawuh.
            Para warga mliginipun para remaja kathah ingkang lajeng nderek kegiatan pesantren. Amin ugi mbikak pasinaon kangge nyinaoni basa Inggris kaliyan komputer. Pesantren wiwit ngawontenaken kegiatan, kegiatan maksiat ugi taksih wonten. Amin ugi boten kepingin ngerahaken para santri kangge mberantas panggenan maksiat kasebat.
            Nalika wonten kegiatan pengetan dinten-dinten ageng kagem umat Islam, para pejabat rawuh mertinjo wonten ngrika. Lare-lare ugal-ugalan kapatah nderek dados panitya. Joni salah satunggaling bocah enom ndugal ugi kepengin sadhar. Kegiatan pesantren saya gayeng, tiyang-tiyang ingkang jajan ing panggenan ngrika dados lingsem. Para pekerja seks kaliyan mucikari pindhah pados panggenan sanes.

            Pesantren Amin dados kondhang, kathah ingkang rawuh saperlu nggegulang ilmu. Kanca kenthelipun Pak Kaji Munawar ugi ngirim wayahipun kangge nyantri ing Kyai Amin. Pak Kaji Munawar minangka abahipun Amin rawuh dhateng pesantrenipun Amin kagem nyuwun pangapunten dhateng Amin. Amin ugi nyuwun pangestu supados pesantrenipun Amin saged migunani tumrap bangsa kaliyan negara.