WELCOME

GOOD LIVE, GOOD FUTURE

Sabtu, 07 Desember 2013

ANALISIS GEGURITAN TEMANIPUN KEAGAMAAN

ANALISIS GEGURITAN “GUSTI MAHA SAE”, “ATI KANG PETENG”, LAN “MUMPUNG ISIH KEPARENG URIP”
dening
1.      Meida Riski Pujiyati (XI IPA 3/25)
2.      Reyna Nadhya Ulhaq (XI IPA 3/31)

A.     PURWAKA
Geguritan menika sastra ingkang kedah dipun kita mangertosi, amargi geguritan menika salah satunggaling sastra Jawi ingkang dipunwarisaken dhateng kita sedaya. Punapa malih kita menika asli tiyang Jawi ingkang kedah nglestarekaken budaya Jawi supados boten katelen jaman. Mula menika geguritan kedah diunsinaoni kanthi kita mangertos punapa ingkang dipunmaksud geguritan, punapa saenipun geguritan, punapa kanggenipun geguritan, lan perkawis sanesipun.
Ing jaman modern menika, kathah tiyang ingkang nggadahi kesadaran kaliyan  boten kesupen dumateng Gusti Allah SWT ananging taksih kathah ugi tiyang ingkang sampun nglunturaken perkawis-perkawis keagamaan satemah kathah tiyang ingkang tumindak ingkang boten sekeca jalaran kirang mangertosi perkawis-perkawis keagamaan ingkang  kedahipun dipunginakaken minangka dhasar tumindakipun manungsa ingkang gesang ing donya.
Geguritan menika kasusastran ingkang saged narik kawigatosanipun tiyang ingkang maos, perkawis kasebat njalari saperangan tiyang ndamel puisi ingkang nggadhahi ancas supados tiyang sanes mangartosi kawontenan batinipun, jalaran basa ingkang dipun ginakaken cekak kaliyan endah satemah surasanipun geguritan saged gampil dipun tampi dhateng pamaos.
Saperangan tiyang nggambaraken pangraosan ngagem geguritan, ananging  geguritan ingkang temanipun keagamaan langkung sekedik cacahipun satemah boten gampil dipunpanggihi. Samenika asring kita panggihi geguritan ingkang nggadahi amanat ingkang boten jelas kaliyan boten migunani, ananging geguritan ingkang temanipun kegagamaan menika nggadhahi pitutur ingkang kathah paedahipun bilih paedah kangge gesang ing donya kaliyan paedah kagem ing akhirat.
Ing geguritan menika kita kedah dipuntutut kangge nyinaoni punapa paedahipun maos lan mangertosi geguritan ingkang temanipun keagamaan. Boten namung paedah kemawon, nanging kita kedah madosi kados pundi cara mangertosi perkawis-perkawis keagamaan kanthi boten mbosenaken.
Ancasipun analisis geguritan ingkang nggadhahi tema keagamaan kasebat inggih menika supados kita saged nambahi pangertosan keagamaan kanthi cara ingkang boten mbosenaken kanthi nggabungaken kalih perkawis ingkang wigatos inggih menika kasusastran kaliyan keagamaan, supados kita saged nguri-uri budhaya Jawi, lajeng ingkang langkung wigatos inggih menika supados kita saged nambah pangertosan perkawis-perkawis keagamaan kaliyan ndadosaken dhasar anggenipun kita gesang ing donya ingkang fana’ menika. Analisis geguritan menika ugi wujud pangrahajan kita dhateng Gusti Allah kaliyan dhateng seniman-seniman geguritan. Sasanesipun, analisis geguritan kasebat dipundamel kangge nyinaoni cara mangertosi perkawis keagamaan kanthi sae. Boten namung sae, ananging boten mbosenaken amargi bab keagamaan ingkang kita cariosaken wonten mriki dipunandharaken ngagem geguritan.
Saking geguritan ingkang badhe dipunanalisis, kita saged nambah pangertosan babagan keagamaan ibgkang dipun prelukakaen sedaya umat beragama lan babagan budhaya Jawi ingkang kedah dipunlestarekaken lan ingkanh kedah kita sinaoni. Kita saged pikantuk piwulang-piwulangan ingkang wigatos, sae lan migunani tumrap panerapanipun ing gesang ingkang nyata. Sejatosipun, analisis geguritan menika dipunandharaken supados dados referensi lan panduanipun tiyang kathah. Lan ingkang boten kesupen paedahipun analisis geguritan menika kagem pangembangan individu ing kerja sama kelompok.

B.     KAJIAN TEORI
1.     Geguritan
Ingkang sampun dipunandharaken saderengipun menika, geguritan kedah dipunsinaoni lan dipunlestarekaken amargi gegutan menika budhaya Jawi ingkan nggadhahi khas piyambak. Saking kahanan kasebat, wonten babagan-babagan ingkang kedah kita mangertosi kagem dhasaripun analisis geguritan. Kita saged nyinaoni pangertosanipun geguritan, struktur geguritan lan sasanesipun ingkang nggadhahi sesambungan kaliyan geguritan.

-          Pangertosanipun Geguritan
a.       Prosa inggih menika kasusastran ingkang wujudipun paragraf, tuladhanipun cerkak, cerbung, crita rakyat, dongeng, fabel, legenda.
b.      Drama inggih menika kasusastran ingkang wujudipun dialog.
c.       Puisi inggih menika kasusastran ingkang wujudipun bait ingkang saben bait ingkang ngamot ukara endah ingkang berbaris-baris. Puisi ing budhaya Jawi wonten kalih, inggih menika tembang lan geguritan.
Geguritan inggih menika sastra kuna ingkang nggadhahi ciri sastra dangu utawi klasik ingkang asipat anonim, inggih punika tanpa nama ingkang garang lan panyerat. Perkawis kasebat, amargi ing zamanipun dipundamel panyerat ingkang boten purun nonjolaken diri lan karyanipun dipunanggep gadhah sesarengan.
Tembung geguritan ing kamus Baoesastra, saking tembung “gurit” tegesipun seratan, kidung. Geguritan ateges tembang (uran-uran) mung awujud purwakanthi (Baoesastra Jawa, 1939: 157). Ing Kamus Umum Indonesia dipunandharaken geguritan menika asalipun saking tembung gurit tegesipun sajak utawi syair (Poerwadarminta, 1986: 161). Sasanesipun ing Kamus Kawi Indonesia dipunandharaken “gurit tegesipun goresan, diserataken”.
Pangertosan geguritan inggih menika ciptaan sastra awujud syair ingkang dipunginakaken kaliyan tembang (pupuh) ingkang merdu sanget. Pergeseran kegunaan istilah geguritan ingkang ngrembaka ing zaman samenika langkung asipat bebas, nggadhahi tipografi ingkang bebas. Ngginaaken basa Jawi ingkang ngrembaka ing masyarakat samenika, boten kaiket aturan purwakanthi, lan boten asipat anonim. Kamangka menika, pengertian geguritan langkung kados penegertian puisi ingkang mbedakaken inggih menika basa ingkang dipunagem kangge basa Jawi.
Geguritan menika golonganipun sastra edi (puisi) cengkok anyar, wedharing raos edi, kelair basa ingkang laras runtut kaliyan edining raos, ananging boten usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan dhong-dhing ingkang tetep tinamtu, benten sanget kaliyan sipating tembang macapat lan sapanunggalanipun.
“Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar.” (Subalidinata, 1968)
Adedhasar pengertianing nginggil menika, geguritan inggih menika
susunan basa kados syair ingkang kalebet golongan puisi Jawi anyar isinipun pengungkapan raosipun penyair ingkang indah inggih menika kaendahan obyektif lan pengaaman estetik ugi boten kaiket aturan tartamtu.

-          Jinisipun Puisi Jawi
a.       Puisi Jawi Tradhisional, ingkang umumipun awujud tembang
Puisi dipuntembangakenmiturut  lagu-lagu khusus, ngagem piranti gamelan utawi tanpa gamelan. Puisi Jawi tradhisional boten saged dipunpisahaken kalawan tembang, wonten tiga perangan ageng :
1)      Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik), inggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
2)      Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan), inggih menika Megatruh, Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
3)      Puisi tembang gedhe/ageng (kawi), inggih menika Girisa.
b.      Puisi Jawi modern dipunarani geguritan
Geguritan boten kaiket paugeran menika : cacahipun gatra kedah 4 satunggal bait, kauger guru lagu, guru swara,guru wilangan, lan kawiwitan ukara ”Sun anggegurit”. Geguritan menika kedah nggadhahi ukara ingkang cekak, menthes, endah, kaliyan ngagem tembung-tembung pilihan.
2.     Struktur Lahir Geguritan
Ingkang dipunsebataken struktur lahir geguritan menika kahanan bab punapa kemawon ingkang saged ditingali utawi dipunpadosi wonten ing tembung-tembung ingkang rinakit  ing salebetipun geguritan.
a.      Pimilihing Tembung (Diksi)
Tembung-tembung ingkang ing ssalebetipun geguritan nggadhahi teges konotatif, asipat polisemi, lan nggadhahi teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang trep saged ngasilaken imajinasi ingkang manila.
b.      Majas
Majas utawi gaya bahasa dipunarani lelewaning basa. Majas utawi lelewaning basa menika kangge nambahi grengsengipun geguritan supados langkung endah.
c.       Rima (Sajak)
Rima utawi persamaan bunyi kangge nyiptakaken kaendahan lan kakuatan sawijining geguritan.
d.      Tipografi
Cara panyeratan puisi satemah saged nampilaken wujud-wujud tartamru ingkang saged dipunamati ngagem visual. Tipografi ngagem nampilaken aspek artistik, nyiptakaken nuansa makna lan suasana tartamtu, ngandharaken wontenipun makna tartamtu ingkang badhe dipunandharaken panyerat. Larik-larik utawi gatraning geguritan ingkang kaserat mawa pada utawi bait. Bab menika ingkang mbentenaken antawisipun geguritan lan gancaran.
(Fajarwati, 2013: 30)

3.     Struktur Batin Geguritan
Unsur-unsur ingkang kinandhut ing salebetipun geguritan dipunarani unsur batin.
a.      Tema
Punjeraning bab ingkang ndadosaken geguritan menika dumados. Utawi gagasan pokok ingkag dipunkarepaken panyerat/penyair. Tuladha : sosial, moral, politik, agama, individu, lan sasanesipun.
b.      Raos-pangraos
Gadhah sipat rowa lan kompleks. Ingkang kalebet raos-pangraos kadosta simpati, empati, susah, seneng, kangen, gumun, antipati sedhih, lan sasanesipun.
c.       Nada/Lagu
Patrap ingkang diginakaken wonten salebetipun geguritan supados geguritan langkung endah anggenipun dipunwaos. Tuladha : ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawi patrap sanesipun.
d.      Suasana
Kahananipun batin/jiwa pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan nggadhahi ancas kangge mbangun suasana batin pamaos geguritan.
e.       Amanat
Bab ingkang dipunwedharaken penyair/panyerat kagem pamaos. Amanat biasanipun pesan moral ingakang badhe dipunandaraken supados pamaos purun nindakaken punapa ingkang panyerat purunaken. Amanat boten kasrat kanthi terang kawaos, ananging sinandhi wonten pangkrating tembung-tembung.

C.     STRUKTUR GEGURITAN TEMANIPUN KEAGAMAAN
Struktur geguritan inggih menika susunan ingkang ningalaken tata hubungan antawisipun unsur ingkang mbentuk karya sastra utawi rangkaian unsur ingkang kasusun terpadu.
Kados ingkang sampun diandharaken wonten kajian teori ing nginggil srtruktur geguritan wonten kalih, inggih menika struktur lahir (ingkang sampun saged katingal langsung saking wujudipun geguritan) lan struktur batin (ingkang boten saged diingali ananging saged dipunraosaken). Struktur geguritan inggih menika perkawis ingkang penting kita mangertosi. Amargi, kangge mangertosi isi lan maksud geguritan ingkang kita maos saged dipuntingali wonten struktur geguritan.
1.     Gusti Maha Sae
Ing geguritan “Gusti Maha Sae” karya Luwi Subagya menika nyariosaken saenipun Gusti Allah ingkang maringi kanugrahan kangge manungsa.
Ing ngriki dipunjlentrehaken gesangipun panyerat ingkang taksih dipunanugerahi Gusti Allah. Senadyan gesangipun panyerat ngrekasa, panyerat ngandharaken menawi taksih wonten manungsa ingkang gesangipun langkung ngrekaos. Saking menika, penyerat ngajak kita kedah tansah sabar lan narima punapa kita ingkang sampun dipunparingi Gusti Allah. Bilih kita ningali ingkang sangisoripin gesang kita, taksih mayuta-yuta cacahipin. Mula, panyerat ngajak kita supados tansah muji sokur dhateng Ingkang Kuwasa amargi kita taksih diparingi kanugrahan ingkang maneka warna. Kita kedah mbucal raos rudatin utawi ngeluh, gesangipun kedah purun prihatos kangge nggayuh katentreman lahir lan batin kita. Kita kedah ngraosaken wonten dhasaring manah, menawi Gusti Allah mesthi nyekapi boga lan kabetahan kita saen dinten senadyan kita asring supe dhateng Gusti. Panyerat ngajak kita mumpung taksih omber wekdalipun, kita sesarengan sami ngestokaken dhawuhipun Gusti miturut marginipun piyambak-piyambak amargi Gusti Allah boten mbenten-mbentenaken. Gusti Allah tansah paring kaliyan umatipun kanthi adil.
a.      Struktur Lahir Geguritan “Gusti Maha Sae”
Pimilihing tembung ing geguritan kasebat wonten ingkang nggadhahi makna konotatif, denotatif lan ugi wonten ingkang nggadhahi makna afektif.
Tembung ingkang nggadhahi makna denotatif utawi makna ingkang saleresipun :
“Ayo padha ngestokake dhawuhe”
Tembung ingkang nggadhahi makna konotatif utawi makna ingkang boten saleresipun :
“Buwabgen rasa rudatin
Rudatin ing ngriki tegesipun raos ngeluh lan boten sokur.
“Kanggo nggayuh katentreman lahir batin” tegesipun madosi.
“...Dalem tanpa sarenti tegesipun mandeg.
Tembung ingkang nggadhahi makna afektif utawi makana saking reaksinipun pamaos :
“Pinaringan kanugrahan maneka warna”
“Gusti ora bakal mbedak-mbedakake”
Ing ngriki pamaos mesthi maknakaken Gusti Allah tansah sae sanget.
Majas ingkang dipunginakaken ing geguritan kasbat inggih menika totum pro parte lan antitesis. Wonten majas sasanesipun, ananging kaih majas wau menika langkung dominan.
Majas totum pro parte inggih menika ungkapan seayanipun objek nanging ingkang kamaksuf namung saperangan.
“Delengen para kadang kang nandhang cantrika
Cacahe isih mayuta-yuta
Mayuta-yuta menika namung ningali saperangan ingkang ditingalikemawon, ananging dipun sebataken kanthi kathah.
Majas antitesis inggih menika ungkapan ngagem tembung-tembung ingkang berlawanan teges satunggal kaliyan sanesipun utawi antonim..
Buwangen rasa rudatin
Urip kudu prihatin
Rima ingkang dipunginakaken ing geguritan kasebat menika rima akhir terus [a-a-a-a] ingkang wonten ing saben bait.
“Nadhyan uripku ngrekasa
Nanging isih akeh sing luwih ngrekasa
Mula aku kudu tansah sabar lan narima
Delengen para kadang kang nandhang papa cintraka
Cacahe isih mayuta yuta
Mula aku tansah muji sokur marang Kang Kuasa
Pinaringan kanugrahan maneka warna
Tipografi ingkanng wonten ing geguritan kasebat tansah biasa. Ngangge bait-bait ingkang gatranipun bervariasi lan panyeratanipun boten ngagem bait ingkan seragam. Ananging, sakung penyajian saking ukara ingkan boten panjang langkung ningalaken tipografi ingkang ringkes.
b.      Struktur Batin Geguritan “Gusti Maha Sae”
Temanipun geguritan kasebat inggih menika raos sokur. Raos sokur menika dipunandharaken ngagem memuji Gusti Alah ingkang nggadhahi keagungan sae sanget.
“Mula aku tansah muji sokur marang Kang Kuwasa”
Ing gguritan kasebat ngandharaken kasaenan Gusti dhateng manungsa, mula manungsa kedah muji sukur dhateng Gusti Allah ingkang sampun paring.
Raos-pangraos ing geguritan kasebat inggih menika gumun, simpati, kagum, trenyuh, lan haru. Gumun lan kagum menika kagem Gusti Allah ingkang tansah pinaringan. Simpati kagem panyerat ingkang tetep muji sokur lan narima takdir gesangipun ingkang ngrekasa. Trenyuh kagem manungsa-manungsa ingkang langkung ngrekasa. Lan haru kagem panyerat ingkang ngajak prihatin lan Gusti Kang Kuwasa.
Nadanipun utawi lagunipun geguritan wau inggih menika muji, nuturi, ngguroni, lan ngemotaken. Muji menika dhateng Gusti Allah. Nuturi, ngguroni lan ngilingaken pamaos supados tansah eling lan muji sokur dhateng Gusti Allah sarta narima pinaringanipun Gusti.
Suasanabipun nggregeti manah, religius, lan islamiah. Nggreti manah menika ing geguritan nuntun kita supados eling kaliyan Gusti Allah Kang Kuwasa. Religius lan islamiah menika amargi temanipun keagamaan.
Amanat ingkang saged kita pundhut ing geguritan “Gusti Maha Sae” menika kathah sanget. Antawisipun nggadhahi amanat inggih menika kita kedah tansah eling dhateng Gusti Allah. Boten namug eling, kita kedah tansah muji sokur dhateng Gusti Allah ingkang pinaringan, kedah narima pinaringanipun Gusti Allah ingkang punapa kemawon supados kita tansah muji sokur dhateng Gusti. kedah ngestokaken dhawuhe Gusti Allah miturut marginipun piyambak-piyambak. Sasanesipun wonten amanat malih inggih menika menawi gesangipun kita kedah prihatin boten rudatin supados kita gadhah katentreman lahir batin lan kita ningali kemawon ingkang nasibipun wonten ing sangandapipun gesang kita supados kita tansah sokur.

2.     Ati Kang Peteng
Ing geguritan “Ati Kang Peteng” karya Mulia Mulyadi menika nyariosaken ketabahasipun lan ketaanipun Bapak lan anak inggih menika Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ingkang dipunbentenaken kaliyan qurban ing Idul Adzha jaman samenika. Lan nyariosaken akhlak ingkang tercelautawi akhlak ingkang boten mulia.
Nabi Ibrahim nggadahi sifat ingkang taat menawi Nabi Ismail nggadahi sifat ingkang tabah dhateng Gusti Allah. Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail nindakaken dhawuhipun Allah kanthi ikhlas senadyan dhawuhipun Allah menika boten gampil dipun tindakaken. Tuladhanipun ing jaman sejarah gesangipun manungsa, kaikhlasan bapak lan anak menika Nabi Ibrahim kaliyan Nabi ismail ingkang nindakaken dhawuh ingkang suci inggih menika supados Nabi Ibrahim nyembelih putranipun Nabi Ismail, Nabi Ibrahim kanthi iklas nindakaken dhawuh kasebat, jalaran manahipun nabi Ibrahim kaliyan Nabi Ismail menika narima lan tawakal dhumateng Aallah Rabbul’aalamiin. Ing jaman menika, sampun kathah putra ingkang wantun dumatheng tiyang sepuhipun, ugi boten sekedik tiyang sepuh ingkang duraka dhumateng putranipun. Manahipun sampun ketutup lan boten saged nampi  kaimanan. Manungsa ing jaman menika boten saged mbedakaken antawisipun Qur’an kaliyan koran boten mangertosi kaluwihan lan kamulyanan Qur’an, lan boten saged mbedakaken ibadat kaliyan adat. Nalika wekdal Idul Adzha sampun caket, tiyang ingkang sugih bandhanipun nggadahi sifat ingkang pelit boten purun qurban nanging langkung remen nampi daging qurban sanajan depositipun ageng nggadhahi kathah arta. Manah ingkang peteng susah anggenipun nindakaken dhawuhipun Allah amargi rohaninipun kotor tebih saking amal saleh. Sanadyan kagungan harta ingkang kathah ananging boten purun dipunajab qurban, mbantu duafa lan lare-lare yatim ingkang prelu dana kaliyan katresnan saking sedherek-sedherek ingkang kebandhan.
a.    Struktur Lahir Geguritan “Ati Kang Peteng”
Pimilihing tembung ing geguritan kasebat nggadhahi makna konotatif utawi makna ingkang boten saleresipun.
“Ora ana sing ngerti depositone lemu
Dompete padhet
Ingkang dimaksud kasebat inggih menika gadhah kathah rejeki.
“Jalma kang diselimuti penyakit cethil”
Tegesipun tiyang ingkang sampun susah manahipun, manahipun nggadhahi penyakit ingkang boten sae. Sampun dados balanipun setan.
Majas ingkang dipunginakaken ing geguritan kasebat ngagem majas alegori lan sarkasme. Majas alegori inggih menika majas ingkang dipunandharaken ngagem cara sanes kaliyan kiasan utawi penggambaran. 
“Ora ana sing ngerti depositone lemu
Dompete padhet
Ingkang dipungasis ngandap menika kiasan ingkang ngganteaken rejeki ingkang kathah.
Menawi majas sarkasme inggih menika majas ingkang nyindir langsung.
“Sing sugih bandha sanalika pelit”
“Nanging yen ana dum-duman daging ora nolak, senenge ora jamak”
Ing perangan geguritan ksebat panyerat nyindir langsung dhateng tiyang ingkang panyerat boten remeni amargi sipatipun ingkang boten sae.
Rima ingkang dipunginakaken ing geguritan kasebat inggih menika rima aliterasi ingkang ateges pengulangan swanten konsonan.
Nabi Ibrahim taat
Nabi Ismail Tabah”
Tipografi ingkang diginaaken inggih menika bait-baitipun ngemot ukara ingkang cekak-cekak. Dados antawisipun bait satunggal kaliyan sasanesipun jelas paletanipun.
b.      Unsur Batin Geguritan “Ati Kang Peteng”
Temanipun geguritan menika akhlak ingkang tercela. Saged dipuntingali saking irah-irahan kemawon sampun ketingal menawi temanipun akhlak ingkang boten kapuji utawi akhlak tercela. Salah satunggaling ingkag dipuncariosaken ing gegurian menika akhlak tercela kapelitan lan kadurakan.
"Jaman saiki...
Akeh anak wani marang wongtuwa
Uga ora sitihk wong tuwa duraka”
Menika ingkang nunjukaken kadurakaning anak dhateng tiyang sepuh ugi tiyang sepuh dhateng anak.
“Sing sugih bandha sanalika pelit
Wegah qurban kanthi sewu alasan”
Menika ingkang nunjukaken kapelitan manungsa ingkang sugih.
Raos-pangraosipun geguritan menika kesel lan njengkelaken. Ngeseli manah kaliyan njengkelaken manah amargi wonten mawon tiyang ingkang sugih taksih pelit, atine taksih peteng, boten purun mbiyantu tiyang sanes. Boten pedhulinan, nanging serakahipun boten jamak.
Lagunipun utawi anadanipun geguritan menika ngenyek. Pengarang ngenyek lan nyindir tiyang ingkang nggadhahi sikap ingkang katolak buri kaliyan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Ngenyek kasebat ancasipun supados ingkang maos saged mangertosi kaelekanipun manah lan ingkang maos saged kaendar saking sifat kasebat.
Suasana ingkang katut wontenipun manah saking geguritan menika mangkel lan manahipun mendhung. Panyerat sampun katingal sanget menawi asalipun nyerat sampun mangkel sanget kalian kahanan kasebat. Punapa malih pamaos, emosinipun mesthi langkung mangkel kaliyan tiyang ingkang nggadhahi sifat ingkang kaserat menika.
Amanat ing geguritan “Ati Kang Peteng” ugi kathah sanget. Punapa malih geguritan menika ngandharaken bab ingkan ala-ala. Amanatipun inggih menika dadosa tiyang ingkang nggadhahi sifat terpuji kados Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail, kita kedah pedhuli kaliyan tiyang sanes amargi gesang menika mesthi saling mbetahaken antawisipun tiyang satunggal kaliyan sanes. Kita boten pareng pelit-pelit menawi rejekinipun kita langsung cekap, sampun dados anak ingkang wantun kaliyan tiyang sepuh amargi menawikita duraka badhe wonten ganjaraipun. Kita sampun ngantos dados tiyang sepuh ingkang duraka, lan kita kedah ikhlas nindakaken dhawuhipun Gusti Allah saabot-abotipun kados nyembelih utawi qurban.

3.     Mumpung Isih Kepareng Urip
Ing geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip” karya R. Bambang Nursinggih, S, Sn menika nyariosaken kewajiban manungsa ingkang kedah ngabekti dhateng gusti mumpung taksih dipunparingi gesang.
Kita dipunajak ampun tebih saking dhawuhipun agami amargi gesang boten namung ing donya nanging badhe tumekeng ing alam swarga. Panyerat ngajak supados kita ngabekti dhateng Gusti Allah mumpung taksih diparingi gesang. Kita kedah tansah eling pinten gesang kita ing donya menika. Lumantar agami pinilih kanthi anteping manah kita, pinaringan gesang sampun dipuntemtoaken bilahi. Bilih kita tansah ngabekti dhateng Gusti, kita boten bakal rugi wonten wingking, amal bektinipun kita mesthi katrima dhateng Gusti Allah. Penyerat ngajak supados kita boten selak dhateng kuwasanipun Gusti. Bilih kita gadhah pangkat utawi wibawa, kita sampun ngantos lali dhateng ingkang maringi kabegjan inggih menika Gusti Allah. Mumpung pintu tobat taksih kabikak, gege kita sesarengan nyuwun pangapunten kanthi ikhlas ingkang tumus saking manah murih sisanipun gesang saged migunani.
a.    Struktur Lahir Geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip”
Pimilihing tembung ing geguritan kasebat nggadhahi makna konotatif utawi makna ingkang boten saleresipun.
Daropun urip mukti”
Tegesipun menawi gesang mukti utawi mulya.
“Minangka pandoming urip murih kalis ing bilahi”
“Mumpung lawang tobat isih ngablak-ablak menga amba
Tegesipun mumpung pintu tobat taksih wonten.
Ing bait-bait wiwitan, kathahipun ngagem tembung denotatif utawi tembung ingkang nggadhahi makna saleresipun.
Majas ingkang dipunginakaken inggih menika enumerasio lan perifrasa. Wonten majas sanes, nanging boten dominan ketingal. Majas enumerasio inggih menika ungkapan penegasan arupi panjlentrehan perangan demi perangan kasedayaan.
Aja mingkur marang dhawuhe agama
Darapon urip mukti
Ra mung aneng donya
Tumekeng alam swarga
Mumpung sih kepareng urip
Aglis gumegrah
Ngabektia mring Gusti”
Gatra ingkang terakhir menika ukara utama ingkang badhe dipunandharaken, nanging wonten penegasanipun utawi panjelasanipun ing ukara-ukara saderengipun ngagem ngongangaken ukara ingkang akhirsupados ukara menika saged ngeyakinaken panyerat kagem pamaos.
Menawi majas erifrasainggih menika ungkapan ingkang panjang ingkang dados  pengganti ungkapan inkang langkung cekak.
“Barebg muki wibawa lali marang kang paring beja
Ingkang dipungaris ngandap menika tegesipun Gusti. Tiga tenbung memot satunggal tembung.
Rima ingkang diginakaken ing geguritan kasebat menika rima akhir terus [a-a-a-a] ing bait kaping kalih lan tiga. Rima kaasebat langkung nambah endahing geguritan ingkang dipunserat.
“Eling den eling pira wene urip aneng donya iki
Mumpung isih kepareng urip aja lirwa ngabekti mring Gusti
Lumantar agami kang yekti pinilih kanthi anteping ati
Minangka pandoming urip murih kalis ing bilahi
Ora rugi ing tembe buri, ketrima amal bektine mring illahi Rabi
Geguritan menika ugi ngginakaken rima akhir patahan [a-b-a-a] ing bait kaping pisan.
“Aja mingkur marang dhawuhe agama
Darapon urip mukti
Ra mung aneng donya
Tumekeng alam swarga
Tipografi ing geguritan kasebat inggih menika gatranipun ing bait kaping pisan ngangge ukara ingkang cekak, benten kaliyan wonten ing bait kaping kalih lan tiga ngangge ukara ingkang panjang saben gatranipun.
b.   Struktur Batin Geguritan “Mumpung Isih Kepareng Urip”
Temanipun geguritan kasebat inggih menika tobat. Tobat ingkang dipunandharaken panyerat supados para pamaos saged ningali dhiri piyambak-piyambak menawi dosa punapa ingkang dipuntindakaken. “Mumpung lawang tobat isih ngablak-ablak menga amba”
Ing geguritan kasebat ngandharaken supados kita gege tobat mumpung taksih wonten pinaringan gesang ing donya.
Raos-pangraosipun geguritan enika adhem manahipun lan ajrih. Adhem manahipun sawekdal kita saged nyumerepi maksud menawi kita kedah tobat lan kasempatan tobat taksih wonten amargi taksih pinaringan gesang. Ajrih amargi kita sasampunipun maos geguritan menika kita mikiraken dosa-dosa kita.
Nadanipun inggih menika ngguroni, ngajari, lan nuturi. Panyerat ngaturaken pesen ingkang cetha supados pamaos gege badhe sami mertobat saderengipun pinaringan gesang telas kangge sangu ing akhirat utawi swarga.
Suasananipun religius, nggregeti manah lan keajrihan. Nggregeti manah lan ajrih amargi kita saweg berhadaban kaliyan gesang donya lan akhirat. Wontenipun amal kita ingkang katampi utawi dosa kita ingkang kathah. Religius wonten ngriki kekenthelanipun agami.
Amanat ingkang saged kapundhut inggih menika kita kedah tansah ngamal saleh kangge sangu kita ing donya lan akhirat. Kita kedah nindakaken tobat mumpung kita taksih pinaringan gesang ing donya. Kita kedah nindakaken dhawuhipun agama supados kita boten nindakaken ingkang ala-ala lan mesthinipun kita tumindak ingkang sae kemawon supados migunani sinten kemawon. Kita kedah tansah ngabekti dhateng Gusti Allah.

D.     PANGREMBAGAN
Geguritan ingkang dipunanalisis menika nggadhahi khas tartamtu. Geguritan ingkang temanipun keagamaan nggadhahi khas dominan ing struktur batin geguritan. Amargi struktur batin geguritan langsung saged dipunmangertosi ing manah. Sasanesipun menika, geguritan babagan agama gampil dipuntampi amargi nyangkut gesangipun manungsa lan keyakinanipun umat Islam dhateng Allah SWT. Satemah struktur batin dados kunci utama geguritan keagamaan.
Wonten kesamaan antawisipun tiga geguritan ingkang sampun dianalisis. Kaping pisan saking tema, kaping kalih saking isi lan amanatipun. Isinipun ngemot pesen-pesen saking panyerat kangge pamaos tentang babagan agami. Ingkang kesamaan paling dominan inggih menika kapanggenan wontenamanatipun saben geguritan. Amanat ingkang tansah dipundharaken terus inggih menika supados kita nindakaken dhawuhipun agama. Sasanesipun menika, kita kedah eling lan ngabekti dhateng Gusti Allah Kang Kuwasa. Amargi Gusti Allah Maha Pinaringan boten tanpa wates.
Kaendahan geguritan ingkang dipunanalisis menika kapanggenan wonten pamilihan rima lan gaya bahasa. Geguritan ingkang sae lan endah mesthi nggadhahi rima ingkang runtut, bilih rima akhir, tengahan punapa awitan. Rima konsonan dhawahipun swanten pengaruh sanget kaliyan kaendahan saben bait geguritan. Gaya bahasa ingkang kapenak lan gapil dimangertosi maknanipun ugi ngaruh endahing geguritan.

E.     PANUTUP
Geguritan inggih menika sastra Jawi bebas ingkang boten kaiket aturan aturan tartamtu. Ananging geguritan nggadhahi khas piyambak. Saking sisi bahasanipun geguritan nggadhahi khas ingkang mbentenaken kaliyan puisi sanesipun
Geguritan ingkang temanipun agama menikan saged ngandharaken perkawis-perkawis babagan agama kanthi ngangge cara ingkang benten, ngagem puisi menika perkawis dipunjlentrehaken kanthi terperinci ngagem basa-basa ingkang endah. Mula menika, geguritan saged ngandharaken perkawis agama kanthi boten mbosenaken.
Agama boten saged dipunpisahaken kaliyan gesangipun manungsa. Amargi agama dados dhasar tumindakipun manungsa. Mula kita kedah nindakaken dhawuhipun agama kanthi ikhlas. Kita boten bakal rugi menawi kita tansah nindakaken amal kabecikan, kahanan kasebat kangge sangu kita gesang ing akhirat. Ingkang paling utama, kita kedah tansah eling dhateng Gusti Allah.


F.      KAPUSTAKAN
Fajarwati, Kurniasih. 2013. Fokus Basa Jawa unruk SMA/MA Kelas XI Semester 1. Sukoharjo: Sindunata.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Subalidinata, R.S. 1968. Sarining kasustran Jawa. Yogyakarta: Jaker.
Hadiwijaya, Toyib.
B.P, Adhie. Pepak Basa Jawi. Solo: Bintang Pustaka Abadi. http://eprints.uny.ac.id/9410/3/bab%202-06205241001.pdf
Julyana, Fajar. 2013. Majas pada Puisi dan Pengertiannya. http://cintamatapelajaran.blogspot.com/p/blog-page.html
Sukanta Kreatif. Pengertian Geguritan. Karangasem: http://sukantakreatif.wordpress.com/2009/06/15/pengertian-geguritan/
Dian. 2013. Bahasa Indonesia : Macam-Macam Majas dalam Puisi. Citarup : http://happytosharing.blogspot.com/2013/01/bahasa-indonesia-macam-macam-majas.html
Kelas Mayaku. 2010. Belajar Bahasa dan Sastra Indonesia. http://kelasmayaku.wordpress.com/2010/08/25/rima-dalam-puisi/
Rifki. 2013. Contoh dan Pengertian Geguritan dala Bahasa Jawa. http://riwiriwi.blogspot.com/2013/05/contoh-dan-pengertian-geguritan-dalam.html
Pembelajaran Bahasa Jawa. 2012. Pengertian Geguritan. http://vario2249.blogspot.com/2012/05/pengertian-geguritan-jawa.html
Bagoes. 2013. Geguritan dan Struktur Karya Sastra. http://congkodok.blogspot.com/search/label/struktur%20geguritan
Djaka Lodang. Yogyakarta


G.    LAMPIRAN

Gusti Maha Sae

Nadhyan uripku ngrekasa
Nanging isih akeh sing luwih ngrekasa
Mula aku kudu tansah sabar lan narima
Delengen para kadang kang nandhang papa cintraka
Cacahe isih mayuta yuta
Mula aku tansah muji sokur marang Kang Kuasa
Pinaringan kanugrahan maneka warna

Buwangen rasa rudatin
Urip kudu gelem prihatin
Kanggo nggayuh katentreman lahir batin

Coba limbangen tekan dhasaring ati
Kasaenan Dalem tanpa upami
Sanadyan kita asring supe marang Gusti
Nanging peparing Dalem tanpa sarenti
Sandhang boga lan kebutuhan saben ari
Tansah diparingi

Mula kadang, mumpung isih omber wektune
Ayo padha ngestokake dhawuhe
Miturut dalane dhewe-dhewe
Gusti ora bakal mbedak-mbedakake
Tansah peparing marang kabeh umate
Awit Gusti pancen Maha Sae

Luwi Subagya
Cebogan, Juli 2011
Sumber : Djaka Lodang No. 13 (25/8/2012)


Ati Kang Peteng

Nabi Ibrahim taat
Nabi Ismail tabah
Kanthi ikhlas ngleksanakake
Prentah sing paling abot
Neng sejarah uriping manungsa
Kaikhlasane bapak lan anak nglakoni dhawuh suci
Isining ati mung iman lan tawakal
Maring Allah Rabbul’aalamiin

Jaman saiki...
Akeh anak wani marang wong tuwa
Uga ora sitik wong tuwa duraka
Atine wis ketutup ora bisa nampa sunaring iman
Ora bisa mbedakake antarane Qur’an lan koran, ibadat lan adat

Nalika Idul Adha wis cedhak
Sing sugih bandha sanalika pelit
Wegah kurban kanthi sewu alasan
Nanging yen ana dum-duman daging ora nolak, senenge ora jamak
Ora ana sing ngerti depositone lemu
Dompete padhet

Ati kang peteng susah nampa dhawuhe Allah Rabbul Izzati
Rohanine kotor, adoh saka amal saleh
Jalma kang diselimuti penyakit cethil
Tanngane nggegem dhuwit lan emas
Susah diajak korban la mbanti du’afa
Uga marang bocah-bocah yatim piatu
Kang mesthine perlu dhana lan katresnan
Saka dulur-dulurku kang kebandhan
Allahu Akbar Walillaahilham

Mulia Mulyadi
Ngaglik, 20-September-2012
Sumber : Djaka Lodang No. 23 (3/11/2012)


Mumpung Isih Kepareng Urip

Aja mingkur marang dhawuhe agama
Darapon urip mukti
Ra mung aneng donya
Tumekeng alam swarga
Mumpung sih kepareng urip
Aglis gumegrah
Ngabektia mring Gusti

Eling den eling pira wene urip aneng donya iki
Mumpung isih kepareng urip aja lirwa ngabekti mring Gusti
Lumantar agami kang yekti pinilih kanthi anteping ati
Minangka pandoming urip murih kalis ing bilahi
Ora rugi ing tembe buri, ketrima amal bektine mring illahi Rabi

Aja selak kuwasaning Gusti kang nyipta jagat raya
Bareng mukti wibawa lali marang kang keparing beja
Mumpung lawang tobat isih ngablak-ablak menga amba
Gage minta aksama-Ne kanthi eklas kang tumus saka sucining nala
Murih sisane urip bisa aweh piguna tumrap hayuning bawana

R. Bambang Suringgih, S. Sn
Minomartani, 28 Februari 2007
Sumber : Djaka Lodang No. 33 (2008)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar