WELCOME

GOOD LIVE, GOOD FUTURE

Senin, 08 Februari 2016

Contoh penjedaan dalam menyampaikan berita dalam Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum wr.wb
Pemirsa ing siang punika / panjenengan katemben mriksani program / pawartos basa jawi                                         / edisi Senin Pahing, / wolu likur Januari / kalih ewu tiga welas / tabuh sekawan welas Wekdal Nuswantara Iring Kilen //. Pemirsa saged mriksani pawartos ingkang enggal tur wigati / mliginipun saking saindhenging wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta //.
Pawartos kaaturaken kanthi gamblang / imbang / lan wicaksana //. Sesarengan kalian kula / Meida Riski Pujiyati / kelas sedasa satunggal / absen sangalas / SMA Negeri satunggal Wonosobo //.

Gubernur DIY / Mertinjau Daerah Rawan Bencana ing Bantul
Gubernur DIY / Sri Sultan HB X mertinjau daerah ingkang keterjang wontenipun bencana alam tanah longsor lan angin topan ingkang kedadosan ing Bantul / (13/1) //. Dene papan ingkang dipun pirsani / antawisipun bukit Wonolelo, /  Pleret ing tikungan China Mati lan Desa Bauran Pleret //. Wonten ing papan punika / Sultan paring pamrayogi supados dipun damel terasiring / lan siti ingkang jejeg / utawi vertikal dipun damel miring //.
Kanthi kawontenan siti ingkang kados makaten /, supados tebing boten longsor kenging toya jawah / pramila perlu dipun damel bronjong-bronjong kangge nahan toya //. Supados boten longsor / tebing ingkang jejeg dipun damel miring pratela Ngarso Dalem //
Kawontenan siti ingkang gembur / lan empuk manawi kenging toya dados lunyu /, gampang gempil / lan dawah utawi longsor //. Sangandaping tebing Wonolelo ingkang inggilipun 10 meter punika / wonten margi kagem lalu lintas //. Amargi longsor / pramilo margi saking Kecamatan Pleret / tumuju Kecamatan Dlingo/  putus boten saget kagem lewat kendaraan //. Kawasan Wonolelo / wonten 4 titik ingkang rawan longsor //. Supados siti saget miring / dipun betahaken siti ingkang panjangipun 50 meter // . Nanging / siti ingkang wonten sa inggiling tebing punika / gadahanipun warga /, sahengga / perlu dipun rembag kaliyan ingkang kagungan /, pratela Kepala Dinas Pekerjaan Umum Bantul / Ir. Heru Suhadi, MT //.
Kunjungan Gubernur punika / dipun tindakaken supados Pemerintah DIY / punapa dene pemerintah Kabupaten Bantul nindakaken langkah pencegahan ingkang sami //. Gubernur pitados bilih manawi warga dipun ajak sesarengan kaliyan pemerintah / ngrampungaken masalah bencana mesthi dipun sengkuyung //. Salajengipun babagan badai Narele lan puting beliung / Sultan paring pratela sedaya warga tansah waspada / lan ngati-ati wontenipun angin puting beliung ingkang saget merobohkan griya lan tetuwuhan //. Salajengipun warga ingkang griyanipun roboh lan rusak berat /, pemerintah badhe paring bantuan kangge perbaikan utawi rekonstruksi //. (bs)

Pamirsa / mekaten pawartos ing siang punika //. Pungkasaning atur kula kalian tim redaksi ingkang ngayahi jejibahan / ngaturaken panueun awit kawigatosanipun //.
Mugi panjenengan tetep setya ing channel informasi ingkang aktual /, akurat /, saha mbangun punika //.
Kanthi asesanti /, jaya wijayanti /, angleluri budaya jawi /, mugi rahayu ingkang samia pinanggih //.
NUWUN
Wassalamu’alaikum wr.wb



Tidak ada komentar:

Posting Komentar