WELCOME

GOOD LIVE, GOOD FUTURE

Jumat, 20 Desember 2013

TULADHA PAWARTOS

Solar Langka Warga Rebutan

Selasa – Langkanipun solar asring dumados. Kalangkaan kasebat ndadosaken masalah ing saben panggenan. Tuladhanipun nyebabaken antrean ing SPBU Brebes, Jawa Tengah. Para sopir kendaraan ingkang ngagem bahan bakar solar kaliyan para warga boten sabar anggenipun tumbas solar. Warga kaliyan sopir khawatir bilih boten angsal solar. Para pegawai solar ugi bingung ngadhepi kadadadosan kasebat. Kamangka pertamina sampun masok solar 8000 liter saben dintenipun. Pasokan menika taksih boten nyekapaken kabetahan masyarakat.

            Wonten ing salah satunggaling SPBU Lumajang, Jawa Timur, wartawan ingkang badhe ngliput pawartos dipunusir dening penjaga SPBU. Wartawan boten diparengaken mundhut informasi ing panggenan kasebat. Ing SPBU Lumajang ugi dumados kalangkaan solar. Langkanipun solar ing ngrika sampun kadadosan kaping kalih. Kondisi menika nyebabaken antrean truk kaliyan bis ingkang panjang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar